Popular Post

Posted by : Unknown Senin, 01 Desember 2014

Tradhisi Budaya

Arak-arakan Saben Wulan Maulud
Ing Dhesa Gogik Kecamatan Ungaran Barat

            Wulan Maulud utawi Mulud menika dinten lairanipun Nabi Muhammad SAW. Lha para warga ing dhesa Gogik inggih dhusun Gintungan meniaka nganakake mauludan. Mauludan Menika biasanipun maos albarjanji utawi berjanjenan utawi ndziba’an. Wekdalipun menika kelakon 12 dinten kawiwitan wonten ing wulan Maulud. Mauludan menika kalaksanaaken wonten ing Musholla utawnipun wonten ing masjid. Mauludan menika boten sadhela inggih boten dangu-dangu. Ananging wekdal ba’dha isya’ menika sampun bibaran. Sabibare mauludan menika satunggaling tiyang bekta jajan. Wonten ing dhesa utawi dhusun ing dhaerah kula namanipun “jaburan”.  Jaburan menika diparingaken kagem tiyang-tiyang ingkang sampun ndherek Mauludan. Sawise Mauludan padha sami jama’ah isya’ wonten ing musholla utawi masjid menika.

Dumugi tanggal 20 Maulud, wonten ing Dhesa Gogik menika nganakake arak-arakan kagem mengeti lairanipun Nabi Muhammad SAW. Arak-arakan menika isinipun kreatifitas-kreatifitasipun saking saben-saben Rt. Rtnipun wonten Dhesa Gogik menika wonten 9 Rt. Padha sami nampilaken kreatifitas-kreatifitasipun. Arak-arakan menika kawiwitan saking dalemipun pak Lurah dumugi dhusun Gintungan, balik malih, lan kapungkasan wonten ing dalemipun pak Lurah.

Sawuse adicara arak-arakan menika warga dhesa Gogik padha sami slametan wontening plataran dalemipun Lurah Dhesa Gogik menika. Lurah Dhesa gogik inggih lurah Dhusun Gintungan menika sami. Wonten ing  slametan menika padha sami hajat, isinipun hajat menika inggih mugia kauripan wonten ing dhesa Gintungan sami tentren, sejahteta lan boten wonten gangguan punapa-punapa.

Inggih menika sathithik carita tradhisi arak-arakan wontening dhesa Gogik, Kecamatan Ungaran Barat saben tanggal 20 Maulud menika. 

Siti Nurhafidhoh

Semarang, 1 Desember 2014


Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © Puspawarni Budaya - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -