- Back to Home »
- sastra »
- Tembang Macapat
Posted by : Unknown
Kamis, 01 Januari 2015
I.
Tembang Asmaradana
Tembang
Asaradana pangetrepe kanggo medharake rasa seneng utawa kasamaran. Asamaradana
mujudake pralambanag tumrap para mudha kang padaha lagi kasmaran ing umur
remaja. Watake sengsem lan kepranan. Paugeran guru gatra, guru wilangan, lan
guru lagune 8i/8a/8e/8a/7a/8u/8a.
Macapat iku
asale saka tembung maca pat, ana kang negesi pamacane papat-papat. Tembang
macapat iku cacahe ana 11 kawengku dening guru gatra, guru wilangan lan guru
lagu utawa dhong-dhing.
-
Guru
gatra iku cacahing larik ing tembang macapat saben sapada.
-
Guru
wilangan yaiku cacahing wanda utawa pakecapan saben sagatra/larik/sabaris.
-
Guru
lagu yaiku tibaning swara/dhong-dhing ing pungkasaning gatra/larik.
-
Pada
yaiku kumpulaning gatra aben satembang. Ing Basa Indonesia diarani bait.
-
Pupuh
yaiku kumpulaning pada/bait kang tembange isih padha. Upama tembang Sinom
kedadeyan saka pirang-pirang pada, nanging isih’ tembang Sinom kabeh.
ASMARADANA
(laras Slendro
Pathet Sanga)
1 2 2 2 2 22 2 5
No- ra gam- pang wong nga u rip
5 1 2 2 1 1 5 55
Yen tan we- ruh u- rip- l- ra
2 2 2 5 2 221 2
Pa- dha- lan ke- bo u-rip e
2 2 5 5 5 5 2 2 5
a- ngur ke- bo da- ging- l- ra
2 2 2 2 2 22 1
Ha- lal yen pi- na ngan- a
5 1 2 2 2 2 22 2
Pan ma- nung- sa da- ging- i- pun
1 1 1 1 2 2
/ 2 2 1
Yen pi- na- ngan pas- thi ha- ram
SITI NURHAFIDHOH
SEMARANG, 1 JANUARI 2015