Popular Post

Posted by : Unknown Kamis, 01 Januari 2015

Jinise Tembang Macapat

Kabeh tembang macapat iku ngemu falsafah utawa piwulang luhur tumrap wong urip. Tembang macapat kang cacahe ana 11 iku uga nggambarake uripe manungsa wiwit saka lair nganti tumekaning pati.

1.        Mijil                      : nggambarake bayi lagi metu/lair,
  Watake : prihatin, trenyuh
2.        Maskumambang   : nggambarake wektu bocah isih cilik,
  Watake : prihatin, keranta-ranta
3.        Sinom                   : nggambarake wektu isih enom (nom-noman),
  Watake : grapyak, sumanak, luwes
4.        Durma                  : nggambarake wektu diwasa
  Watake : galak, nepsu, muntaban, lan manteb
5.        Asmaradana         : nggambarake wiwit kepranan/kesengsem
  Watake : sedhih, sengsem
6.        Kinanthi               : nggambarake wektu wiwit omah-omah,
              Watake : seneng, tresna
7.        Dhandhanggula    : nggambarake seneng nyambut gawe, tulung tinulung
  Watake : luwes, resep, manis
8.        Gambuh               : nggambarake njumbuhake kabutuhan (omah-omah wis suwe)
  Watake : wani, wanuh, rumaket
9.        Pangkur                : nggambarake wektu kang wus mungkur/tua (lansia)
  Watake : sereg, kejem, nantang
10.    Megatruh              : nggambarake wektu puput yuswa (mati),
  Watake : sedih, susah
11.    Pocung                 : nggambarake layon dipocong
  Watake ; sak kepenake, kendho


SITI NURHAFIDHOH

SEMARANG, 1 JANUARI 2015

Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © Puspawarni Budaya - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -