Popular Post

Posted by : Unknown Minggu, 14 Desember 2014

PRABU DEWATA CENGKAR
        Kraton Medhang Kamulan diparentah dening raja reseksa kang ajejuluk Prabu Dewata Cengkar, kang nduweni pakareman mangsa daginging manungsa, utamane kang isih prawan kencur. Mula awatak : “Adigang, adigung adiguna, sapa sira sapa ingsun, ya bandhaku ya donyaku, yen bandhaku ya bandha-bandhaku dhewe, kalamun bandhamu ya karao bandhaku”, mangkono watak padinan kang kasandhang.
        Kahanan kang ngeres-eresi ati tansah sumandhang marang kawulane, nindes kawula alit kang tanpa daya saben antara mangsa kawulane kudu asok upeti, glondhong pangareng-areng, lan masrahake putra putrine kang maksih kenya.
        Kacarita ing Dhusun Dhadhapan, kang uga isih kalebu wewengkon kraton Medang Kamulan ana warandha duwe anak siji aran Rara Wulan. Jalaran saka endahing warna lan rigen ing sabarang kardi, watake sregep, rigen mugen, nadyan bocah desa nanging gendhes luwes sasolahe, mula ing Dhadhapan dadi kembanging desa.
        Anuju sawijining dina Rara Wulan lagi ramban ana kebon buri omah nyangking kreneng klambi kuthu baru lengen gojak-gajeg, pucuking klambi kabundhelake, supaya ora ngalmbreh, jarit semu lungset kacancut sangisor dhengkul. Akekudhung suwekan mori semu abang, karo krusak-jrusek sikile miyaki godhong kenikir kang lagi wancine munggeli.
        Simboke ana burine kang lagi ngundhuhi kara putih, ngandhani anake.
        “Ngene ya Nok sliramu dakharwani, anakku ya mung siji kowe mula sing ngati-ati marang sabarang gawe, kowe saiki wis ngancik diwasa. Aja gumampang nibakake tembung lan patrap kang ndakekake kuciwaning liyan lan aja seneng tumindak lelemeran kang kahire bisa gawe silakamu dhewe. Ngertia ya ndhuk, Prabu Dewata Cengkar iku isih lumebu desa ngadesa golek mangsan”. Anake banjur sumaur, karo ngenet ramban kang wus meh kebak.
        “Inggih Mbok, kula sampun mengertos babagan punika. Kula malah sampun cecawis sarana, maksud kula ngaten le Mbok. Prabu Dewata Cengkar kedah dipun lawan srana kekiyatan”.
“Wo alah Ndhuk awake dhewe ki duwe kekuwatan sepira, wis muga-muga wae olehe njajah desa Milangkori ora ngambah desane dhewe ya Ndhuk”
“Kasinggihan Mbok.”
Ora ngerti sangkan parane bilahi, wong sakloron padha keget, jalaran weruh pawongan lora, kang nggegirisi, iket dheblengan wulung sumingset ing sirahe, kaos lorek abang-putih katon sethithik saka bledhehe klambi hancinco ireng kang ora dibenikake siji sijia, kathok ireng gokak, gajeg nganggo klanthe kolor werna putih. Brengos crapang njlekethet, sajak diplintir ing saben dinane. Ngunus gobeng mingis-mingis sajak wus ngejak getihe prawan kencur.
“Ha...ha..ha, ...He dak takoni aja goroh, apa iki sing aran Mbok Randha Dhadhapan?”
“Inggih Tu...Tuwan”. wangsulane karo ngampet rasa bdredheg.
“He wong tuwek elek, aku iki lurahe prajurit ing Medhang Kamulan kene, Wira Menggala arnku”.
“Yen aku Wira Braja jenengku” Kelorone padha wangsulan nyebutake jenenge.
        “Lha tekaku ing papan kene ora liya diutus karo Gusti Ratuku Kanjeng sinuwun Dewata Cengkar supaya nyowana ke anakmu menyang kraton supaya ora dadi gembel kaya ngene iki”
        “Nadyan awon, tur rekaos kula sampun trimah gesang wonten ngriki kok Tuwan” Mangkono panyelane Mbok Randha Dhadhapan, karo ngusap eluhe dleweran, saka sela selane kudhunge.
        “Lha sing ana mburine iku sapa?”, pitakone Wira Menggala santak.
        “Punika, Rara Wulan, anak kula Tuwan”
        Sawuse dijarwani, Rara Wulan diglandhang dening wong sakloron mentas menyang pungkrukan dalan ing ngarep omahe. Sinambi nyikep panjolane Rara Wulan, kang tansah njola lan njerit, dumadakan ana nom-noman liwat didherekaken karo para abdi kinasih cacah telu.
        “He Ki Sanak dhasar manungsa laknat kang ora duwe rasa pri kamanungsan. Bisane kok mung mbujung pinjunge wanita kang tanpa daya.”
        Kaya disamber mbledheg rasane Wira Menggala karo Wira Braja, lagi iki sasuwene dadi gedibale Dewata Cengkar ana wong kang wani muni kaya ngono kuwi.
        “Heh,... sapa aranmu Cah Bagus. Kok wani lanyoh-lanyoh, soroh nyawa rene. Bocah wingis sore, durung ilang pupuk lempuyangmu, dene kowe kok melu cawe-cawe karo urusane wong gerang”. Mangkono, Ajisaka disenggara macan.
        “Dhasar wong tuwa gaplokan, ora kena kanggo tepa tuladha, amngertia Ajisaka aranku. Aku wus mangerti akal bulusmu sa Gusti ratumu iku,mula lilakna aku kang dadi sulih Mbok Randha Dhadhapan kene asok bulu bekti marang Gusti Ratumu”. Sawuse krungu wangsulan kang cetha Wira Menggala ngguyu alatah-alatah.
        “Ha...ha...ha.... ha....ha Nah jebul bagus atimu kaya baguse rupamu, wi ora suash kakehan wuwus hayo padha rangkat menyang Medhang Kamulan.”
        Gancare carita, Aisaka bisa marak sowan, karo Raja Medhang Kamulan iku. Sawuse diupacarani pinagka tamu Ajisaka matur :”Dhuh.... Kanjeng Prabu kula pun Ajisaka, ingkang pinangka sulihipun Mbok Randha Dadhapan pinangka mangsan Paduka ing dinten punika.”
        “Iya, Ingsun wus priksa karo aturmu Cah Bagus. Wah endah enake iki mengko daginge. Dhasare enom, bagus, lan besus. Wis enggal mapane enggal dak pangan kuwandhamu.
Sendika dhawuh Sang Prabu, Kula sagah paduka dhahar, nanging kula nggadhahi panyuwunan.”
        “Iya wis dak lilani matur.”
        “Saderengipun kula dumugi pejah, muga wonten lila Paduka kula ngraosaken nyakrawati wonten siti tlatah Medhang Kamulan ngriki, mila boten ketang amung saiket wijaripun kula nyuwun palilah Paduka.”
        “Oiya wis kae lemah perdikan ing iring kidul wetan kae Ingsun paringake marang kulawargamu, dadi samangsa-manfsa kowe wus tumekane lampus kareben lumuntur menyang kulawargamu.
        “Matur sembah nuwun, dene kula sampun kaparingan bumi perdikan “saiket” wijaripun punika Kanjeng Prabu. Ing dina candake Dewata Cengkar sanja lan nduduhake papn kang kaparingake marang Ajisaka, lan padha sapejagong.
        Rikala lagi ngukur jembare lemah mau ana kaelokan Ikete Aji Ska kabukak saka mustakane arep dienggo ngukur jembare lemah, nanging ora ngerti sangkan perang bilahi, pucuke iket mau bisa melar, modot, saengga nyurung awake Aji Saka nganti tumeka ing Segara Kidul nganti an tiwase. Saiki para wargane padha ngaturake panuwun marang Aji Saka kang wus bisa mbengkas memalane, nagara kang tansah gawe kapitunane liyane lan nagara Medhang Kamulan dipangarsani dening Aji Saka banjur dadi negara kang tata, tentrem adoh saka rasa memengsuhan lan cecengilan. Tansah memayu hayuning bawana.
(Crita Rakyat Kanthi Besutan)
Hafidoh Putri Ar-Rohman

Semarang, 13 Desember 2014 

Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © Puspawarni Budaya - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -