Popular Post

Posted by : Unknown Kamis, 11 Desember 2014

Budaya Mantu
A.    MACA LAN NALITI WACAN BUDAYA MANTU
Palakrama utawa mantenan tumrape wong Jawa kalebu kewajiban minangka wujud bekti marang Gusti. Mula saka iku, wong Jawa duwe ada tata upacara penganten kang wis gumathok. Tata upacara penganten Jawa kawiwitan saka nontoni/ndhodhog lawang, nglamar, nyingseti, siraman, midodareni, ijab, panggih, lan ngundhuh mantu. Katrangan sapala kaandharake ing ngisor iki.
1.    Ndhodhog Lawang utawa Nontoni
            Tujuwane         : Nakokake apa calon penganten putri isih legan tenan apa ora.
            Lakune             : kulawarga lan calon penganten lanang rawuh menyang daleme kulawarga                calon penganten putri lantaran utusan.
2.    Nglamar lan Nyingseti
            Tujuwane : kulawarga calon penganten lanang nelakake yen arep besanan. Mula banjur  nggemblengake rembug lan ningseti. Kajaba iku uga milih kanggo ijab lan panggihe calon penganten.
            Lakune     : kulawarga calon penganten lanang menehi tandha panyingset
            Saranane  : ali-ali (kalpika/cincin), dhuwit, lan panganan kas dhaerah asale calon penganten              lanang.  

3.      Pasang Tuwuhan lan Bleketepe
Tujuwane : nggambarake (simbolisasi) panyuwunan marang Gusti Allah. Kayata : cengkir mugi pinaringan kenceng ing pikir, godhong alang-alang :muga ora ana alangan; tebu : muga pinaringan antebing kalbu/pikir, lsp.
Lakune     : pamengku gati lanang masang bleketepe ing gapura, dene pamengku gati putri sing ngladeni/nyaosake.
Saranane  : bleketepe, cengkir gadhing, wit pisang raja sawohe, godhong alang-alang, godhong kluwih, tebu, lsp.

4.      Siraman
Tujuwane : nggambarake ngilangi reregede awak lan batine caon penganten. Ibarate kaya padusane wong Islam kang arep pasa Ramadhan.
Lakune     : bapake lan ibune calon manten miwiti nyiram, kasusul para sepuh putri kang patit ditiru. Cacahe kang nyirami bisa 5, 7, 9, utawa 11, sing penting ganjil. (5=rukun Islam, 7=pituduh lan pitulungan, 9=angka kang istimewa, 11=kawelasan).
Saranane  : banyu pilihan saka sumber cacah pitu (zam-zam, sumur mesjid, papan suci agama, lsp).

5.      Dodol Dhawet
Tujuwane : nggambarake manunggale pamengku gati, calon panganten, lan kang pada rewang. Telu-telune kudu nyawiji jumbuh kalungguhane dhewe-dhewe (sinergis). Dhuwite kreweng nggambarake patrap kang gemi, nastiti, lan ngati-ati anggone ngrumati guna kaya (harta benda).
Lakune     : bapak lan ibune calon panganten ngladeni para tamu lan para sedulur kang padha mbantu anggone duwe gawe mantu.
Saranane  : juruh (legi), santen (gurih), lan chendol (anyep). Telu-telune kudu dicampur kanthi pas supaya mirasa.

6.      Midodareni
Tujuwane : nelakake menawa calon panganten lanang lan calon panganten putri wis padha siyaga lair lan batine.
Lakune     : kulawarga calon manten rawuh, lapur kasiyagane, babar pisan mbuktekake yen calon penganten putri uga wis sawega. Mula para ibu ska kulawarga calon panganten lanang niliki menyang kamare calon panganten putri. Acara iku jenenge “tilik nitik”.
Saranane  : mahar lan maskawin (dititipake kanggo ijab esuke), busana lan pepasren kanggo calon panganten putri, woh-wohan, panganan saka ketan (nggambarake rakete anggone bebesanan), lsp.

7.      Akad Nikah/Ijab Qabul

            Tujuwane            : ngremekake sesambungane calon panganten lanang lan putri adhedhasar agamane lan pranata negara.
Lakune                 : jumbuh karo pranatane negara lan agama kang dirasuk. Yen cara agama Islam dipimpin dening naib saka KUA, yen kristen/katholik sakramen menyang greja, semono uga mungguh agama liyane.
Saranane  : mahar utawa maskawin kang wajib miturut aturane agamane dhewe-dhewe.

8.      Panggih/Temon
Tujuwane  : ngresmekake sesambungane calon panganten lanang karo calon panganten putri miturut tatacara adat.
Lakune      : calon panganten lanang ditemokake karto calon panganten putri deisekseni dening para sepuh, sanak sedulur, lan tangga teparo ing papan lan sarana kang gumathok.
Saranane    : gawan wujude panganan werna-werna, utamane jadah, wajik, lemper (kang digawe saka beras ketan kang nggambarake rakete paseduluran).
     
      Mangkono mungguh bakune laku, tujuwane, lan saranane acara mantu miturut adat Jawa. Sejatine kabeh mau mung ngajab berkah saka ngarsane Gusti Kang Maha Mirah. Kanthi katranagn sapala iku mau para siswa mesthi wis bisa nemokake pokok-pokoke acara sajrone acara mntu miturut adat Jawa.  



Hafidhoh Putri ar-rohman

11 Desember 2014


Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © Puspawarni Budaya - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -