Popular Post

Posted by : Unknown Kamis, 01 Januari 2015

TEMBANG MACAPAT

Kabudayan Jawa mligine babagan tembang macapat perlu dilestarekake lan dirembakake supaya ora ilang saka tanah Jawa. Awit tembang macapat klebu warisan kanggo sarana medharake pitutur luhur, piweling, pepeling, lan pangajak becik kanggo para generasi mudha, kaya kang ana ing serat – serat Jawa.
Dene sing diarani tembung macapat yaiku reriptan utawa dhapukaning basa nganggo paugeran tartamtu kang pamacane kudu dilagokake miturut titilaras kang gumathok.
Titikane Tembang Macapat :
1.        Kaiket guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
2.        Basane nganggo basa Jawa Anyar.
3.        Bisa dilagokake tanpa iringan gendhing.
Gunane Tembang Macapat :
1.        Kanggo kasusatran jaman saiki.
2.        Kanggo bawa (miwiti gendhing)
3.        Ngarang kapustakan Jawa
4.        Kanggo tembang ing pagelaran kethoprak lan wayang.
5.        Kanggo parikan lan dhagelan.
Kasusatran kang tinemu ing tembang macapat :
1.        Cakepan
Cakepan iku uga bisa sinebut teks tembang (lyrics).
2.        Pupuh
Sawijining asil karya sastra macapat (Serat Wualng Reh, Serat Kalatidha, lsp) kabagi dadi prang-pirang pupuh, dene saben pupuh dibagi dadi pirang-pirang pada. Saben pupuh nggunakake metrum (jenis tembang) kang padha. Dadi, pupuh yaiku kumpulan pada kang metrum/jinis tembange padha.
Cacahe pada saben-saben pupuh beda, gumantung teks sing digunakake. Banjur, saben pada dibagi dadi pirang-pirang larik/gatra. Lan saben larik dibagi maneh dadi pirang-pirang wanda (suku kata).
3.        Pada                     : bait/sak tembang macapat
4.        Guru gatra            : cacahing larik/gatra saben sak pada
5.        Guru wilangan     : cacahing wanda (suku kata) saben sak larik
6.        Guru lagu             : guru lagu yaiku tibaning swara/vocal ing pungkasan larik. Bisa
  sinebut dhong-dhing.


SITI NURHAFIDHOH

SEMARANG, 1 JANUARI 2015



Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © Puspawarni Budaya - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -