Popular Post

Posted by : Unknown Sabtu, 13 Desember 2014

Sedhekah Dhusun ing Dhusun Gintungan
Dhesa Gogik Kecamatan Ungaran Barat

        Sedhekah dhesa utawa sedhekah dhusun wonten ing Dhusun Gintungan, Dhesa Gogik, Kec. Ungaran Barat menika kaleksanaaken bibaring panen. Tradhisi menika kaleksanaaken inggih ancasipun awujud rumaos syukur masyarakat Dhusun Gintungan dhumateng Gusti ingkang sampun maringaken kasil bumi lan saged dados sumbering kauripan kagemipun masyarakat Gintungan samenika.

        Masyarakat Gintungan samenika percaya dhumateng sedhekah dhusun utawa sedhekah dhesa, amargi kasil bumi ingkang sampun dipunparingaken dhumateng masyarakat Gintungan, saget nguripi kauripan dheweke lan dheweke wantun menawi kasil buminipun ingkang sampun dipunparingkane menika ical punapa boten manfaatipun kagemipun masyarakat Gintungan.

         Adicara wonten ing sedhekah dhusun ing Dhusun Gintungan, Dhesa Gogik, Kec. Ungaran Barat, menika, para warganipun ndherekaken arak-arakanipun lan wonten ing arak-arakanipun menika kasebut Rt-Rt wonten ing Dhusun Gintungan samenika andamel kreatifitas awujud replika-replika kasil bumi punapa replika panggonan wisata wonten ing Dhusun Gintungan samenika. Tuladhanipun, replika tumpeng raksasa, panggonan wisata awujud grojogan banyu ingkang namanipun “Air Terjun Semirang”. Menika peanggonanipun antawis Dhusun Gintungan kaliyan Dhesa Gogik. Salajengipun dipunarak saking parapatan Dhusun Gintungan ngantos sumber banyunipun Dhusun Gintungan inggih namanipun Sumber banyu “Sokoponco”. Ananging, padatanipun masyarakat Dhusun gintungan nyebatipun menika “Blumbang”. Lajeng, replika menika dipunselehaken wonten ing sekitaripun ”Blumbang” menika.

        Samenika wonten ing “Blumbang” menika, taksih wonten adicara ritual sedhekah dhusun. Adicaranipun, pambagya harja saking perangkat dhusun kaliyang perangkat dhesanipun, nyemplungake iwak wonten ing “Blumbang” menika, salajengipun sasami pandonga, ingkang dipunpimpin dening tetuwo wonten ing Dhusun Gintungan samenika. Salajengipun iwak dipunsuntak dening Kepala Desa Gogik. Lajeng, para masyarakat padha sami jeguran wonten ing “Bumbang”. Padha sami sirat-siratan. Ananging, nalika sirat-siratan ampun padha nesu. Menika wonten ing “Blumbang” padha sasami seneng-seneng lan guguyonan. Masyarakat boten ngentoake iwak, ananging masyarakatipun sampun padha sami seneng. Sampun wekdal dhuhur, masyarakatipun padha bubar. Lajeng, ba’dha dhuhuran wonten ing ndalemipun Kepala Dusun menika sami ningali pagelaran wayang, dipunpungkasi ba’dha ashar. Lajeng dipunwiwiti malih wekdal ba’dha isya’ ngantos ngenjang. Samenika wekdal dhuhur kaliyan isya’, dalangipun benten.

        Ritual sedhekah dhusun utawa sedhekah dhesa samenika sampun kedadean saking tahun 2000-an kalih masyarakat Dhusun Gintungan.

Hafidhoh Ar-Rohman
Semarang, 13 Desember 2014

           

Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © Puspawarni Budaya - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -