- Back to Home »
- pendidikan »
- Sesorah Pambagya Harja
Posted by : Unknown
Kamis, 18 Desember 2014
SESORAH PAMBAGYA HARJA
Sesorah Pambagya Harja
Ketua Panitia Lomba Intern
Assalamu'alaikum wr. wb.
Bismillahirrahmanirrahim,
Alhamdulillahirabbil’alamin, wabihi nasta’in wa’ala umuriddunya
waddin, washalatuwassalamu’ala asyrafil anbiyaiwalmursalin wa’ala alihi
washahbihi ajma’in,
amma ba’du.
Ingkang kula ta’dzimaken dhumateng K.H Almamnuhin Kholid minangka
pengasuh Pondok Pesantren As Salafy Putra – Putri Al Asror,
Ingkang kinurmatan dhumateng dewan asatidz-asatidzah Pondok Pesantren
As Salafy Putra - Putri Al Asror,
Ingkang kinurmatan dhumateng pengurus umum, pengurus putri saha
pengurus putra Pondok Pesantren As Salafy Putra – Putri Al Asror ,
Lan para kanca-kanca seperjuanganipun wontening Pondok Pesantren As
Salafy Putra – Putri Al Asror kang kula tresnani sedayanipun.
Sumangga ingkang
sepisan kedah ngaturaken syukur dhumateng Gusti ingkang Maha kuwaos ingkang sampun
maringaken rahmat lan hidayahipun. Kita sedaya taksih saged makempal manunggal
kanthi tentrem, bagas lan waras ing adicara pembukaan lomba intern kagemipun
nyambut haul khataman kang kaping 15 samenika. Boten kesupen sholawat saha
salam kita haturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Shollallohu
‘Alaihiwasallam.
Kanca-kanca
ingkang kinurmatan, kula minangka ketua panitia lomba intern kagemipun nyambut
haul khataman kang kaping 15 ngaturaken panuwun dhumateng :
Kaping satunggal kagemipun Abah
Almamnuhin Kholid, dewan asatidz-asatidzah, lan para kanca-kanca sedaya ingkang
sampun saged ngrawuhi ing adicara menika. Kaping kalih, ngaturaken panuwun
kagemipun Abah Almamnuhin Kholid ingkang sampun paring ijin ngawontenaken adicara
menika. Kaping tiga, kagemipun para panitia ingkang sampun kersa pambiyantu
awujud menapa kemawon bandha, tenaga lan sak piturute.
Adicara menika wonten
lomba-lombanipun ingkang kathah. Inggih menika, lomba rebana, lomba cerdas
cermat, lomba maos geguritan, lomba mading, lomba nyerat kaligrafi, lomba debat
lan taksih kathah lomba-lomba sanesipun. Wekdalipun lomba menika kaleksanaaken saking
minggu satunggal wulan februari ngantos minggu ketiga wulan maret. Dinten-dinten
lombanipun menika kemis ndalu lan ahad siyang. Lomba-lomba menika hukumipun
wajib kagem sedayanipun santri ingkang nderekaken madinipun wontening Pondok
Pesantren As Salafy Al Asror.
Ngawontenaken adicara menika,
ancasipun inggih mugia para santri saged sami kompak, saged sami kerjasamanipun kaliyan santri sanese, saged
nyengkuyung, saged ningkataken kreatifitasipun para santri, lan saged ndherekaken
sedayanipun lomba ing adicara menika.
Kanca-kanca ingkang kinurmatan, kula minangka ketua
panitia nyuwun agungipun pangapunten mbok bilih lampahipun adicara samangke
kirang mranani penggalih saha kathah lepating atur, salajengipun kula atas nama
panitia tansah nyuwun para rawuh kersa lelenggahan sinampi mriksani lampahipun
adicara saking purwa madya dumugi wasana.
Wasana cekap semanten atur kula menawi kathah lepating
atur, kirang subasita kula tiyang enem nyuwun agungipun pangapunten.
Wassalamu'alaikum wr. wb.
Hafidhoh Putri
Ar-Rohman
Semarang, 17
Desember 2014