Popular Post

Posted by : Unknown Rabu, 17 Desember 2014

TRADHISI BUDAYA JAWA

Ruwatan Rambut Gimbal

            Ing tlatah pegunungan Dieng lan desa-desa ing sakiwa tengene Gunung Sindoro-Sumbing isih akeh kang duweni rambut gembel utawa gimbal. Rambute warna abang kaya rambut jagung, pating plintir, kempel, lan bundhel. Wujude ranbut gembel dibedakake ana telu yaiku gembel pari, gembel dhebleng, lan gembel jatha.

            Gembel pari wujude rambut gembel kang plintir-plintirane cilik-cilik. Dene gembel dhebleng wujude rambut gembel kang plintir-plintirane luwih gedhe lan akeh utawa ketel. Menawa gembel jatha wujude rambut gembel kang plintirane luwih gedhe tinimbang gembel dhebleng.
Dene mapane utawa manggone gembel bisa ana telung perangan sirah, kang parabane ya dadi ana telu, kayata kang thukul ing sirah sisih buri diarani gembel gombak, menawa tukule rambut ing sirah sisih pilingan utawa ngirigan diarani gembel pethek. Dene yen thukue rambut gembel ing sirah sisih ngarep sandhuwure embun-embun diarani gembel kuncung.

            Bocah menawa arep thukul rambute gembel biasane mawa tandha-tandha lara panas dhisik. Menawa lara panase ora mari-mari, rasa kasurjanane wong tuwane marang anake tansaya mantep lan percaya yen anake arep thukul rambut gembele.

            Ing tlata Sindoro lan Dieng, kerep ditemoni bocah rambut gembel jinis pari lan jatha. Manut kapercayan warga ing kana, yen rambut gembel jinis pari menawa nandur pari bisa lemu-lemu lan akeh pametune. Kang rambut gembele jinis jatha menawa nandur nbako bakal subur lan lemu-lemu ake godhonge. Menawa bocah rambut gembel mau wis gedhe lan rambute arep dicukur, warga nganake upacara nyukur rambut gembel. Lumrahe ducukur yen bocahe wis umur 5-7 taunan.

            Biasane sadurunge dicukur bocah rambut gembel duwe panjaluk maneka warna. Ana kang njaluk dibelehake pitik, njaluk ditukokake motor, lan uga ana kang njaluk ditanggapake wayang purwa kang critane “Semar Kuncung”. Saperangan warga kana padha duweni panemu nyukur rambut gembel kuwi kudu diruwat lan nganggo upacara, sarta kudu nuruti panjaluke bocahe.

            Panyukure rambut gembel kudu ing wayah bengi ngepasi dina wetone. Sadurunge upacara kawiwitan, bocahe dilungguhake ing jadah dienggoni sandhangan sarwa putih. Bocah mau diapit para sesepuh lan dhukun kang bakal nyukur rambut gembele. Dene sesaji kang kudu dicepakake awujud kaya ing gisor iki :

11.      Tumpeng robyong                               8.    Banyu putih
22.      Banyu kembang boreh                         9.   Jenang abang putih
33.      Wedhus kendhit                                   10. Jenang katul
44.      Jago                                                      11. Gedhang raja
55.      Jajan pasar                                            12. Kembang telon
66.      Manuk dara sejodho                             13. Rokok
77.      Wedang teh lan kopi

Sabubare dhukun maca mantra, banjur kawiwitan nyukur rambute si bocah. Guntingan rambut gembel dibuntel nganggo mori putih dilarung ing kali. Lumrahe menawa bocah rambut gembel bubar dicukur, bocahe ora nakal, ora ugungan, lan ora lara-laranen.

Siti Nur Hafidhoh el Rohman
Semarang, 17 September 2014



Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © Puspawarni Budaya - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -