- Back to Home »
- sastra »
- Sinopsis cerita Pandhawa Kembar
Posted by : Unknown
Senin, 08 Desember 2014
Pandhawa Kembar
Ana kahanan aneh dumadi ing Negara
Amarta. Pandhawa malih dadi amah-amahan lan kerep ana kerusakan sahingga Amarta
kang mbiyene tentrem lan raharja saiki dadi ora tentrem maneh. Katon saya aneh
kahanan nalika Arjuna ngarih-arih Siti Sundari sing ditinggal Abhimanyu, sing
karo nggoleki panggonane Wara Sumbadra, Srikandhi, lan Larasati. Banjur ana
Brahmana sing mesaake marang Siti Sundari kang diarih-arih dening bapak
mertuane. Brahmana Madusuda nyimpen Siti Sundari ing Kalpika. Arjuna sing ora
trima perlakuane Brahmana, banjur nantang Brahmana gelut, nanging Brahmaṇa ora
nanggepi lan lunga.
Abhimanyu lunga menyang Dhukuh Klampis Ireng lan ketemu karo Gathutkaca. Banjur
Abhimanyu bebarengan karo Gathutkaca menyang Pertapaan Arga Kasimpar. Padha ketemu
karo Begawan Darmajati lan murid-muride ing kana. Padha kenalan dhewe-dhewe
minangka Panalangsa lan Jaka Pangalasan sing kepengin maguru ing pertapaan iku.
Dumadakan tekaa Brahmana Madusuda kanggo ngusir dheweke saka Kasimpar Arga
amarga ameh padha mbangun perguruan ing kana, mengko bakal akeh bencana. Salah
sijine murid Begawan Darmajati sing jenenge Puthut Bayuwara sing wani nyanggah
omongane sang Brahmana, amarga menurute bencana iku pangeling saka Hyang Agung
nak manungsa kudu padha elinga marang Panjenengane.
Sawise krungu omongane Puthut Bayuwara, Brahmana Madusuda dadi wujud Prabu
Kresna. Begawan Darmajati, Puthut Bayuwara, Puthut Endratama, Puthut Lila, lan
Puthut legawa dadi wujud Pandhawa. Nalika Endhang Madubranta, Endhang Sulanjari,
lan Endhang Rara Arum dadi wujud Wara Sumbadra, Srikandhi, lan Larasati.
Pranyata dheweke iku Pandhawa sing asli lan sing nggawe kerusakan ing
Amarta nalika dheweke ana ing pertapaan nanging dheweke nyalah gunaake
kapercayan iku.
Pandhawa bali menyang Amarta. Banjur padha ketemu karo ijine Pandhawa lan
perang terus dadi. Akhire, para jin bisa dikalahake lan bisa dibaliake marang
awake dhewe-dhewe.
Hafidhoh el
Hafidhoh
Semarang, 8 Desember 2014