Popular Post

Posted by : Unknown Jumat, 28 November 2014

Sejatosipun Guru
Geguritan dening Siti Nurhafidhoh

Pangluhurmu...
Katekakake marang wong akeh
Sejatimu...
Tumujukake marang wong akeh

Padha sami sinau marang piwulangmu
Padha sami nglakoni marang pangakonmu
Lan padha sami ngenteni tekamu marang patimu

Ilmu kokaturake marang wong akeh,
Marang wong pinter,
Marang wong kurang begja,
Lan marang sapa bae kang kepengin pinter

Sliramu pancen dibutuhake wong akeh
Ora mung wong siji, ora mung wong lara
Ananging wong-wong kang padha nggolek kapinteran

Paranmu sethithik ananging agawe teges
Panegesmu katengga-tengga marang sekabehane

Semarang, 28 November 2014
                                               
                                   
                                   
                       



Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © Puspawarni Budaya - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -