Popular Post

Posted by : Unknown Selasa, 06 Januari 2015

RESENSI NOVEL “KATRESNAN”
Karya Soeratman Sastradihardja
Identitas novel           :
a.       Penulis                   : Soeratman Sastradihardja
b.      Penerbit                 : PT Kiblat Buku Utama
c.       tahun terbit            : 2013
d.      tebal                      : 96 hal
e.       ISBN                     : 978-979-8002-58-8
f.       Dimensi                 : 14,5 cm x 21 cm
g.      jenis kertas            : putih halus mulus, agak tebal (HVS)

Sinopsis                      :
Buku iki nyeritakake wong lanang wadon kang padha senenge ket sekolah nganti padha gedhene. Wong lanang kang jenenge Mursiati lan wong wadone jenenge Sutrisna. Mursiati bubar lulus saka sekolah HIS terus nglanjutake marang nglanjutake sekolah MULO. Sutrisna pisah karo Mursiati. Nanging, Sutrisna kepengin isa bakal ketemu malih karo Mursiati.
Sawijining dina, Sutrisna nglamar Mursiati, Kanti Mursiati bungah banget bisa ketemu Sutrisna maneh, kanthi nglamar barang. Nanging bapak ibune Mursiati nagrepake Mursiati karo pangeran Tulungagung, soale wis kedhisikan karo pangeran Tulungagung. Kanthi nggawa surat, Mursiati nolak lamarane Sutrisna lewat surat kang dikongkon ibune Mursiati piyambak. Mursiati atine kelara-lara, soale apa sing dikarepake Mursiati ora disetujuni marang wong tuwane. Kepengine Mursiati kan karo Sutrisna ora karo pangeran Tulungagung. Ananging pituture Mursiati marang wong tuwane, wong ora tresna kok dipeksa tresna ya ora bakal tresna. Kanggo masalh iki aku ora arep manut marang bapak ibu. Amarga at iku ora bakal bisa dipekso. Sing seneng aku, bapak ibu ora seeenake dhewe nentukake sapa jodhohku.
Bubar iku, Sutrisna kelara-lara. Sawise mari eling meneh karo Mursiati terus ambrug meneh, lara meneh. Ngono iku nganti meh rong sasi. Sing dikarepake Sutrisna mung pengen ngerti kabare Mursiati sathithik wae. Nanging dina liya, Mursiati bales surat marang Sutrisna. Surat kang dikirim Sutrisna dhisik kae. Isi surat iku Mursiati ora gelem nikah karo wong liya, geleme karo Sutrisna mitrane kang paling ditresnani. Lajeng bubar maca surat iku atine Sutrisna bungah banget.
Bubare Mursiati ora sida gelem nikah, Mursiati marang pondoke ning Madiun, kerja ing kantor pos. Sadina-dinane entok kiriman layang saka bapake, ngongkon bali Mursiati. Ananging karo Mursiati ora dibalesi. Banjur, bapake Mursiati marani Mursiati marang Madiun. Sawise ketemu, Mursiati ameh dinikahke karo pangeran Tulungagung. Ananging Mursiati tetep nolak, soale ora gelem nikah karo kuwi. Tapi Mursiati kudu balek, gelem ora gelem. Akire Mursiati balek.
Mursiati nolak apik-apik pangeran Tulungagung iku. Wong tuwane Mursiati isin, Mursiati ngono kuwi. Apa sing dikarepake wong tuwane Mursiati ora bisa nuruti. Amarga Mursiati ora anduweni rasa tresna karo pangeran Tulungagung kuwi. Dadosipun langkung sae, Mursiati mutusake kemawon boten purun nikah kalih pangeran Tulungagung punika. Terys, Mursiati mangkat marang Madiun maneh, ameh nglanjutake kerjaan kang wis numpuk ana img kantor pos.  
Dina liya, sutrisna anduweni rencana arep nyusul Mursiati marang Madiun. Sutrisna namung sangu f100. Ananging wekdal tumbas tiket dhuwite Sutrisna ilang kabeh. Namung taksih Rp 3. Iku uga cukup kanggo tuku tiket menyang Solo.  Ananging Sutrisna tetep mangkat namung modal nekad kalih arta semonten ingkang sisa ing kanthong samenika. Sutrisna mudun ing Solo, lajeng takonmarang wong-wong ing dhaerah kana wau. Lajeng Sutrisna nuruti dalan nglewati alas anggone tumuju marang Madiun. Lajeng takon marang wong dalan endi wae sing ana ing dalan kang kudu dilewati Sutrisna. Lajeng Sutrisna kudu nglewati alas gedhe. Ananging langit kang nunjukaken ameh anane udan, lajeng Sutrisna ngiyup anggone ngamanke barang-barang kang digawa. Sawuse udan mandheg, lajeng nglanjutake mlaku marang tumujuning alas gedhe, alas kang peteng, dhewekan, ora ana kauripan. Lajeng Sutrisna mutusaken ameh metu saka alas iku, pas balik Sutrisna malah ketemu begal 3, kang ngrampok klambi sakabehe. Kang sisa klambi kang dinggo Sutrisna saiki.
Dina esuke ana Raden Ayune kang nolong Sutrisna, lajeng Sutrisna dikongkon melu lan diopeni. Banjur digawa Asisten Wadana sekaliyan digawa marang Panaraga lan Madiun. Lajeng ketemu kaliyan Mursiati. Lara-larane padha bungah banget bisa ketemu malih.
Lajeng wong tuwa lara-larane padha rerembugan babagan anake iku, kan lara-larane padha sami tresna. Akhire ngomongke intine kemawon, kapan wektune anggone nikahe. Kang pungkasan Mursiati akhire nikah karo Sutrisna. Ora sida nikah karo wong sing wis nglamar menika tiyang Tulungagung kae.     

Unsur intrisik novel :
a.       tema                      : Tirakat marang gegayutane
b.      latar belakang        : omahe Mursiati, sekolah MULO, sekolah HIS, pondoke
  Mursiati ing Madiun, kantor pos, pondoke Sutrisna ing
  Bandhung, kali, Omahe Sutrisna, rumah sakit, alas, omahe
  Raden Ayune, stasiun    
c.       waktu                    : enjing ngantos dalu
d.      suasana                  : nyenengke, gawe nangis, tegang
e.       alur                        : maju
f.       gaya bahasa           : migunakaken basa krama alus lan krama inggil, basa kang
  boten kathah tiyang mangertosi basa kasebut
g.      amanat                   : kekarepane wong tuwa ora kudu diwujudake marang anake.
h.      penokohan             :
-          Mursiati                       : wong wadon kang ayu pasuryane, pinter, andhap asor
  tindak tanduke, njawani, manut, sregep
-          Sutrisna                       : pinter, wong kang bagus, tirakade gedhe anggone
  mujudake kekarepane, setia
-          Bapak ibu Mursiati      : wong tuwa kang kekarepane kudu diwujudake marang
  Anake
-          Raden Ayune              : gemati, open
-          Asisten Wadana          : apikan
-          Adhi-ahine Mursiati    : manut marang wong tuwa, ora ngandhel marang
  ndongeng kang di dondengake Mursiati
i.        sudut pandang      : tiyang satunggal pelaku kang utama

Kelebihan novel         :
Ing novel iki ana sifat Mursiati lan Sutrisna kang kudu ditiru. Anggone tresna saka sekolah ndhisek tekan gedhe iseh tetep wae. Ora bisa seneng marang wong liya, padahal Mursiati wis nganthi di lamar. Ananging tirakade Sutrisna ngentokake Mursiati iku gedhe.  Anggadhahi sifat setia marang wong wadon siji. Ora bisa tresna marang wong wadon liya.

Kekurangan novel    :
Ing novel iki ana sifat Mursiati kang ora kudu ditiru, anggone bantah apa sing dadi kekarepane wong tuwa. Kekarepan kang wus dadi pilihane wong tuwa iku wis mesthi apik. Ora bakal apa sing dikarepake wong tuwa kanggo anake iku elek. Ananging jenenge anak, nak ora tresna ya ora gelem. Mesthi wong sing dikarepke iku wong sing ditresnani.   

saran terhadap buku/manfaat buku
1.      Saran terhadap buku     :
            Basa kang dipunginakaken menika boten kathah tiyang saged mangertosi, saged mahami. Basanipun menika boten namung krama alus, ananging uga krama inggil. Kang boten kathah tiyang mugunakaken basa krama inggil.
            Perane wong kang nglamar Mursiati ingkang Tulungagung boten ditampilaken. Menika namung nama kemawon. Boten dipunandharaken penokohan tiyang Tulungagung menika kados punapa. 
            Tiyang sepuh Sutrisna namung ibu ingkang dipunandharaken, bapakipun boten dipunandharaken. Menawi wonten punapa boten inggih saenipun dipunandharaken, anggenipun pamaos menika mangertos bapakipun Sutrisna menika ingkang punapa.
            Tiyang sepuh Mursiati ingkang dipunandharaken menika namung bapakipun, ibunipun menika boten dipunandharaken. Sami kaliyan tiyang sepuhipun Sutrisna. 

2.      Manfaat buku                 :
            Saged mengertosi anggone wong tuwo milihake jodhoh kang apik kanggo anake. Wedine wong tuwa anake salah milih, ora padha apa kang dikarepe wong tuwa.
            Saged mangertosi kekarepane anak sapa kang dadi pendhampinge iku ora kudu apa kang dikarepke owng tuwa utawa apa kang sampun dados pilihane wong tuwa. Ananging tresnane anak, ora padha apa kang sampun dipunpilihake marang wong tuwa. Tresna ora bisa dipeksa.
            Saged mangertoi anggone dados anak menika kados pripun, lan dados wong tuwa menika kados pripun.
            Saget mangertosi anggone merjuwangake pangraos katresnane marang wong liya. Ananging sageda pisah, sawekdal punika mesthi bakal balik marang awake dhewe. Senajan iku jodhohe.
            Saged mangertosi kepriye anggone dadi bocah wadon kang ase. Yaiku sing diajeni marang wong akeh. Anggone andhap ashor, tindak-tanduke marang wong akeh. Pituture marang wong akeh. Bocah kang pinter, kang cerdas. Kang disenengi marang kanca-kancane lan guru-gurune.
            Saged dipunwaos dening tiyang kang tresna marang tiyang sanes. Ananging boten saged anduweni. Ananging buku menika saged dipundadosaken ispirasi, motivasi kagemipun ngjalani kauripan wonten ing dunya.

SITI NUR KHAFIDHOH
SEMARANG, 6 JANUARI 2015


Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © Puspawarni Budaya - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -