- Back to Home »
- bahasa »
- Tembung Rangkep
Posted by : Unknown
Kamis, 01 Januari 2015
TEMBUNG RANGKEP
Tembung
rangkep utawa reduplikasi basa Jawa cacahe ana telu yaiku dwipurwa, dwiingga
lan dwiwasana.
1.
Dwipurwa
Dwipurwa yaiku tembung kang ana dumadi saka pangrangkepe purwane
tembung lingga utawa pangrangkepe wanda kawitaning tembung.
Tuladha : bungah - bubungah - bebungah
gaman - gagaman - gegaman
bendu - benbendu - bebendu
resik - reresik
Tembung andhahan yaiku tembung kang asale saka tembung lingga
kaater-ateri A (nasal), bisa didadekake dwipurwa.
Tuladha : pangan - mangan - mamangan - memangan
tukang - nukang - nunukang -
nenukang
suwun - nyuwun - nyunyuwun -
nyenyuwun
Dwipurwa bisa ndhapuk tembung aran utawa tembung kriya lan duwe
teges “nindakake sawijining bab kaya kasebut ing linggane tembung”. Bisa uga
ngemu teges “ndadekake sawijining bab dadi kaya kang kasebut ing linggane
tembung”.
Tuladha : bungah - bebungah reged - rereged
resik - reresik takon - tetakon
tuku - tetuku geni - gegeni
Tembung bungah lan reged kalebu tembung sipat, nanging
bareng owah dadi bebungah lan rereged tembung iku malih dadi
tembung aran. Temung resik kalebu tembung sipat, tembung takon lan tuku
kalebu tembung kriya, lan tembung geni kalebu tembung aran. Bareng dadi reresik,
tetakon, tetuku, lan gegeni, tembung iku kabeh owah dadi tembung
kriya. Dwipurwa kang ndhapuk tembung kriya ngemu teges terus-terusan
utawa nelakake intensitas.
Tuladha : reresik “terus-terusan anggone resik-resik”
sesuci
“terus-terusan anggone nyuci (resik-resik) awak”
tetakon “terus-terusan anggone takon”
gegeni “terus-terusan anggone ana ing ngarep
geni”
Sarehne kalebu golongane tembung, dwipurwa bisa diwuwuhi imbuhan,
nanging mung bisa kawuwuhan ater-ater lan panambang. Seselan –in- lan –um- ora
bisa sumambung ing dwipurwa.
Tuladane kaya ing ngisor iki :
di - + tetangis =
ditetangis
di - + lelara =
dilelara
tetengger + -an = tetenggeren
sesumbar + -e = sesumbare
bebungah + (-in-) = *binebungah
bebungah + (-um) = *bumebungah
rereged + (-in-) = *sinreged
rereged + (-um-) = *sumreged
tetuku + (-in-) = *tinetuku
tetuku + (-um-) = *tumetuku
gegeni + (-in-) = *ginegeni
gegeni + (-um-) = *gumegeni
2.
Dwilingga
Dwilingga yaiku tebung lingga kang
dirangkep. Pangrangkepe tembung lingga iki ana kang karangkepe wutuh lan ana
kang karangkep mawa owah-owahan swara. Tembung lingga kang karangkep wutuh
sinebut dwilingga lan kang karangkep mawa owah-owahan swara sinebut dwilingga
salin swara. Tuladha ing ngisor iki kang (a) kalebu dwilingga lan kang (b)
kalebu dwilingga sain swara.
Tuladha
: a) takon - takon – takon
watuk - watuk-watuk
b) takon - tokan-takon
watuk - wotak-watuk
Ana
tembung sing wujude memper tembung dwilingga lan dwilingga salin swara, nanging
sejatine ora kagolong tembung dwilingga utawa dwilingga salin swara.
Tuladha
: (c) alun-alun (d) kolang-kaling
anting-anting grusa-grusu
arem-arem gojag-gajeg
ondhe-ondhe ontang-anting
orong-orong wora-wari
Tembung-tembung
ing (c) lan (d) ing dhuwur ora kalebu tembung dwilingga sabab tembung-tembung
iku ora bisa diluru utawa digoleki linggane, upama bisa digoleki linggane,
suasane mesthi beda banget karo tembung dhapukan kasebut. Tembung alun-alun,
anting-anting, arem-arem, ondhe-ondhe lan orong-orong ora ana
gandheng cenenge karo tembung alun, anting, ondhe lan orong. Sarehne
ora bisa diluru lingane tembung, mula ana kang ngarani dwilingga semu.
Dwilingga
lan dwilingga salin swara kalebu golongan tembung, mula saa iku bisa diwuwuhi
ater-ater, seselan lan panambang.
Tuladha
: - jambak dijambak,
njambak, kajambak
jambakan, jambakke, jambakna
jinambak-jambak,
jambak-jinambak
-
balang dibalang, mbalang, kabalang
balangan, balangke, balangna
binalang-balang, balang-binalang
-
gelar digelar, nggear, kagelar
gelaran, gelarke, gelama
ginelar-gelar, gelar-ginelar
Tembung dwilingga lan dwilingga
salin swara duwe teges (a) (pluralitas), (b) mbangetake surasa (penekanan) ,
(c) sans (pengandaian), lan (d) tansah (kebiasaan)/.
Tuladha : (1) Bocah-bocah
dolanan ing lapangan.
(2) Kowe ora pareng
bengak-bengok!
(3) Gering-gering
nanging rak pinter.
(4) Piye ta iki aku kok
lola-lali bae?
Tembung bocah-bocah ing ukara
(1) ngemu teges “akeh”, bengak-bengok ing ukara (2) ngemu teges
“mbangetake surasa”, gering-gering ing ukara (3) ngemu teges “sanadyan”, lan ola-lai
ing ukara (4) ngemu teges “tansah”.
3.
Dwiwasana
Dwiwasana iku tembung kang ngrangkep
wanda keri dhewe utawa ngrangkep wasanane tembung. Tuladhane katon kaya ing
ngisor iki.
cingak - cigakngak - cingangak - cengingak
cenges - cengesnges - cengenges
cengis - cengisngis - cengingis
Dwiwasana kagolong tembung rangkep
semuawit antarane tembung dwiwasana lan lingga surasane geseh adoh. Saupama ana
tegese, dwiwasana ngandakake baba kang ora gumathok utawa ora ajeg, nanging
bisa uga ngemu teges ambal-ambalan.
SITI NURAFIDHOH
SEMARANG, 1 JANUARI 2015