- Back to Home »
- pendidikan »
- Pembelajaran Bahasa Jawa
Posted by : Unknown
Kamis, 01 Januari 2015
Pembelajaran
Bahasa Jawa kelas VII Kurikulum 2013
Semester Ganjil
Semester Ganjil
Standar Kompetensi : Membaca
-
Mampu membaca
bacaan sastra, nonsastra dalam berbagai teknik
-
Membaca dan bacaan berhuruf Jawa
Kompetensi Dasar : Membaca indah geguritan dan tembang Durma
Indikator : - Membaca indah geguritan
- Mengartikan kata-kata sulit dengan tepat
- Menyebutkan intisari geguritan dengan tepat
- Menyebutkan nilai moral dalam geguritan
- Memberikan pendapat tentang isi geguritan dengan santun
- Mengartikan kata-kata sulit dengan tepat
- Menyebutkan intisari geguritan dengan tepat
- Menyebutkan nilai moral dalam geguritan
- Memberikan pendapat tentang isi geguritan dengan santun
Metode Pembelajaran
Metode : Permodelan, Tanya jawab,
Penugasan
Kegitan Pembelajaran
a.
Kegiatan
Pendahuluan
1. Siswa merespon salam dan pertanyaan dari
guru berhubungan dengan kondisi dan pembelajaran sebelumnya.
2. Siswa menerima informasi tentang
keterkaitan pembelajaran sebelumnya dengan pembelajaran yang akan dilaksanakan.
3. Siswa menerima informasi kompetensi, materi
tujuan, manfaat, dan langkah pembelajaran yang akan dilaksanakan.
4. Siswa mengungkapkan pengalaman siswa dalam
membaca geguritan.
b.
Kegiatan
Inti
1. Guru sebagai model membacakan membaca geguritan tradisi gotong royong
dengan intonasi, lafal, dan ekpresi yang
tepat,
2. Guru menunjuk siswa untuk membaca geguritan
didepan kelas dengan penuh percaya diri
3. Siswa dan guru bertanya jawab tentang isi geguritan dengan
santun
4. Siswa memberikan pendapat tentang isi
geguritan dengan santun
5. Siswa menjawab pertanyaan guru dengan
santun
c.
Kegiatan
Penutup
1. Siswa dan guru melakukan refleksi dengan menanyakan
ke siswa hambatan yang dihadapi
dalam menemukan ciri-ciri geguritan dari
buku antologi geguritan
2. Guru bersama Siswa menyimpulkan pelajaran.
3. Pemberian tugas mencari geguritan melalui
internet atau majalah berbahasa Jawa
Praktik
Mengajar
(Guru mlebet wonten
kelas)
Guru : “Sugeng enjang, para siswa.”
Para
Siswa : “Sugeng enjang, bu guru.”
Guru : “Sumangga ketua kelasipun
mimpin donga rumiyin.”
Siswa
1 : “Saderengipun pelajaran
dipunwiwiti, sumangga sami dedonga kanthi kapitayan sowang-sowang. Donga
kawiwitan.”
( guru lan para siswa sami ndingkluk lan ndonga )
Siswa
1 : “Donga paripurna”
Guru : “Inggih. Samenika pepanggihan
malih kaliyan bu Guru wonten ing piwucalan basa Jawi. Saderengipun, sinten
ingkang mboten mlebet ing dinten menika ?”
Siswa
2 : “Samenika mlebet sedanten,
Bu.”
Guru :
“Kala wingi, angsal tugas punapa boten, para siswa ?”
Para siswa :
“Wonten, bu. Kala wingi angsal tugas nyinaoni tembang Durma.”
Guru :
“Para siswa sampun sami saged nembangipun ?”
Para siswa :
“Saged, Bu.”
Guru :
“Coba para siswa sami nembang sareng-sareng. Bu Guru badhe mirengaken.”
Para siswa :
(Nembang Durma)
Guru : “Inggih. Menika sampun sae. Nanging, langkung
sae malih menawi dipunsinauni
malih wonten ing griya, supados langkung pinter anggenipun nembang Durma.
Menawi
mekaten dipunwiwiti mawon
materi salajengipun. Dinten menika bu Guru badhe ngucal bab
geguritan. Sinten ingkang sampun ngertos punapa geguritan punika ?”
Siswa
3 : “Kula, Bu.” (ngacung )
“Geguritan menika puisi ngagem basa Jawi.”
“Geguritan menika puisi ngagem basa Jawi.”
Guru : “Inggih, leres. Geguritan
menika saged dipunwastani puisi. Ugi saged dipunjlentrehaken menawi geguritan
menika karangan kang pinathok tembang, ananging guru gatra, guru wilangan lan
guru lagunipun mboten ajeg. Cara maosipun mboten sami kaliyan tembang,
geguritan menika dipunwaos miturut andhap inggilipun intonasi lan artikulasi
ingkang cetha.
Siswa
1 : “Intonasi punika punapa, Bu
?”
Guru : “Intonasi menika lagu ukara
ingkang kedah dipungatekaken, para Siswa. Wonten wayah maosipun alon utawi
seru, panjang utawi cendhak.”
Siswa
2 : “Bu, lajeng artikulasi
menika kados pundi ?”
Guru : “Mekaten para Siswa,
artikulasi menika pelafalan. Anggenipun maos geguritan kedah cetha
artikulasinipun. A , I, U, E, O,
da, dha, ta, tha kedah cetha. Sampun mangertos, para Siswa?”
Para
Siswa : “Inggih, Bu.”
Guru : “Nah... . Samenika Bu Guru
kagungan tuladha geguritan kanthi judhul Merapi. Sinten ingkang kersa maos
geguritan wonten ngajeng ?”
Siswa
3 : “Kula badhe nyobi maos, Bu.”
(ngacung)
Guru : “Inggih, majeng, Ndhuk.”
(Siswa 3 majeng wonten ngajeng
kelas lan dipunparingi kertas geguritan kaliyan Bu Guru )
Guru : “Menika wonten ingkang badhe
maos geguritan, siswa sanesipun mirengaken, nggih. Mangke menawi wonten tembung
ingkang mboten ngertos saged dipunsuwun pirsaaken kaliyan Bu Guru.”
Para
Siswa : “Inggih, Bu.”
(Siswa 3 maos geguritan )
Merapi
Dening : Puthu Aryana
Dening : Puthu Aryana
Merapi.. .
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
kena sinare Hyang Bagaskara
Merapi... .
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wieit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi... .
Sliramu anyekseni kridhane bangsa
Wiwit nalika ngusir Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
kena sinare Hyang Bagaskara
Merapi... .
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wieit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi... .
Sliramu anyekseni kridhane bangsa
Wiwit nalika ngusir Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi
(Siswa 3 lenggah malihwonten ing bangku)
Guru : “Sae sanget. Para Siswa paring
keplok.”
Para
Siswa : (keplok)
Guru : “Menika sampun sae anggenipun
maos. Nanging intonasinipun tasih wonten ingkang kirang trep. Nalika maos
menika mboten usah kesesa. Tuladhanipun mekaten.
Merapi... .
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
kena sunare Hyang Bagaskara
Mekaten, nggih?
Merapi... .
Saka kadohan katon gagah
Asep putih ndedel ing awiyat
Tilas dalan lahar katon cetha
kena sunare Hyang Bagaskara
Mekaten, nggih?
”
Samenika wonten tembung ingkang kirang mangertos punapa mboten, para Siswa ?”
Siswa
1 : “Awiyat menika sejatosipun punapa, Bu ?”
Guru : “Awiyat menika papan ingkang
langkung inggil. Wonten ing geguritan menika nggadhahi maksud langit utawi
angkasa.”
Siswa
1 : “Lajeng Bagaskara menika
punapa sami kaliyan matahari ?”
Guru : “Inggih, leres. Bagaskara menika
werdinipun matahari. Menika kalebet tembung dasanama ingkang mapan ing
salebeting geguritan. Wonten ingkang badhe nyuwun pirsa malih ?”
(Para siswa mendel)
Guru : “Menawi boten wonten ingkang
badhe nyuwun pirsa malih. Bu Guru mawon ingkang nyuwun pirsa. Punapa ta
werdinipun geguritan ingkan sampun dipunwaos menika? Ayo, ingkang ngertos
ngacung!”
Siswa
2 : (ngacung)
Guru : “Punapa, Ndhuk?”
Siswa 2 :
“Geguritan Merapi menika nyariosaken Gunung Merapi ingkang dados saksi bangsa
awit Pemerintah Soekarno ngusir Walanda ngantos Pemerintah Susilo.”
Guru : “Leres. Wonten ingkang badhe
mangsuli malih ?”
Siswa
3 : “Kula, Bu” (ngacung)
Guru : “Inggih, mangga.”
Siswa
3 : “Merapi menika Gunung
ingkang gagah. Merapi dados saksi
pinten-pinten jaman. Jaman penjajahan Walanda ngantos mardika.”
Guru : “Inggih para Siswa. Samenika
leres sedanten. Anggenipun mangsuli
sampun pinter-pinter. Bu Guru pesen, para Siswa kedah kathah-kathah maos
geguritan malih supados langkung ngertos. Geguritan saged dipunwaos saking
majalah Panjebar Semangat utawi wonten media cetak sanesipun. Mekaten, nggih?”
Para
Siswa : “Inggih, bu Guru.”
Guru : ”
Samenika piwucalan sampun paripurna. Para Siswa saged ngaso. Ampun kesupen
kathat-kathah sinau geguritan wonten griya, nggih? Saderengipun piwucalan
dipunpungkasi, ayo ketua kelas pimpin donga rumiyin!”
Siswa
1 : “Donga kawiwitan”
(Guru lan Para Siswa
sami ndhingkluk lan ndonga
Siswa
1 : “Donga paripurna.”
Guru : ”Piwucalan
dinten menika bu Guru pungkasi . Para Siswa saged ngaso. Sugeng enjang.”
(Guru medal saking
kelas)
Paraga :
1.
Guru :
Anis Wijayanti
2.
Siswa 1 :
Sayidatul Khoiriah
3.
Siswa 2 :
Dani Prihastuti
4.
Siswa 3 :
Siti Nurhafidhoh
HAFIDHOH
AR-ROHMAN
SEMARANG, 1 JANUARI 2015