Popular Post

Posted by : Unknown Rabu, 03 Desember 2014

Soal Ulangan Harian Basa Jawa
Kelas x Semester I

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ing aksara a, b, c, d utawa e sing koanggap bener!
1.      Bapak  : “ Arep neng ngendi, To, adusmu kok mruput?”
       Nardi   : “Wonten undangan Ultah kanca kula, Pak, mangke jam gangsal,                       ning kula      rak kedah pados kadho riyin.”
Yen ditliti, gunemaning Nardi marang bapake nggunakake basa ....
a.       Ngoko                                           d. Krama alus
b.      Ngoko alus                                    e. Krama inggil
c.       Krama

2.      Saiki motormu ilang, Mas, aku mrene iki saperlu lapor polisi.” Swarane         pedhot-pedhot merga tangise, kagawa rasa keduwung jroning ati.
a.       Sedhih atine                                  d. Getun atine
b.      Sabar atine                                    e. Nesu atine
c.       Bunga atine 

3.      Niyate pengin mapag taun anyar 2014, malem taun baru kanthi pesta omben-omben wong 17 ora ketulungan, las-lasan warga sing melu ngombe minuman keras (miras) oplosan mau uga jroning kahanan kritis, kepara wuta. Kawiyake perkara mau nalika mbaka siji peserta pesta miras padha ambruk lan digawa menyang rumah sakit. Saya suwe cacahe tambah. Wong-wong mau ana uga sing nyusul tinja akherat ing rumah sakit. Ora mbuwang wektu polisi sigra ngrampas sisa-sisane miras oplosan. Prodhusene dipikut, wakapolres ngandhakake yen penyebab tiwase kurban ora krana miras nanging merga miras kasebut dioplos nganggo zat-zat kimia sing diawasi. Zat kimia kasebut yaiku spiritus, kopi, sodha, lotion anti nyamuk. Saka pawarta ing dhuwur perangan (Struktur pembangun) pawarta kang ora ana yaiku ....
a.       dhek kapan                                    d. genea
b.      ing ngendi                                      e. sapa
c.       kepriye

4.      bab kang kudu digatekake nalika maos pawarta yaiku ....
a.       Pamaca ora kudu nguwasani isi pawarta sing arep diwaca
b.      Pelafalan bisa ora dianggep penting
c.       Banter swara kudu banter supaya padha krungu kabeh
d.      Sikap pamaca kudu biasa wae supaya ora nganggu
e.       Anggone maca ora kena cepet banget utawa rendhet banget

5.      Titikane pawarta kang apik yaiku kajaba ....
a.       Ora mojokake utawa mihak salah siji golongan utawa pawongan
b.      Katulis kanthi bener lan apa anane
c.       Migunakake basa kang gampang dingerteni
d.      Kabare ngayawara
e.       Kudu ngemot 5W+1H

6.      Sumangga tansah memuji syukur konjuk Gusti Ingkang Murbeng Dumadi ingkang sampun paring kanugrahan dhumateng panjenengan sedaya lan kula, temah saged kempal wonten madyaning sasana pawiwahakan siang punika kanthi wilujeng sepen ing pambeng.
Pratelan ing ndhuwur kalebu perangane tanggap sesorah ....
a.       purwakane sesorah                                    d. dudutane sesorah
b.      isi sesorah                                                 e. pangarep-arep sesorah
c.       panutup sesorah

7.      ing ngisor iki urut-urutane tatacara mantu ana ing adat jawi, kang bener yaiku ....
a.       siraman-panggih-ngundhuh mantu-lamaran
b.      panggih-ngundhuh mantu-lamaran-siraman
c.       nontoni-nglamar-siraman-pasang tarub
d.      nontoni-nglamar-siraman-midodareni
e.       nontoni-nglamar-pasang tarub-siraman

8.      Duwe pangajab supaya panganten kakung putri bisa urip bebrayan kanthi bagya mulya, mujudake pralambang saka tatacara ....
a.       kacar-kucur                                               d. ngidak tigan
b.      dulangan                                                   e. sungkeman
c.       balang gantal

9.      Nalika netepi tatacara panggih panganten kakung putri uga kudu netepi tatacara pangabekten. Apa pangajab kang ora ana ing tatacara pangabekten?
a.       Njaluk ngapura marang wong tuwa
b.      Ngaturake matur nuwun marang wong tuwa
c.       Njaluk donga pangestu marang wong tuwa
d.      Njaluk idin marang wong tuwa
e.       Njaluk modal kanggo urip bebrayan

10.  Ing ngisor iki kang dudu carane gawe paragrap ekposisi yaiku ....
a.       Nemtokake underane prakara
b.      Nemtokake tujuwane
c.       Nemtokake titikane paragrap
d.      Ngumpulake data
e.       Ngrembakake cengkorongan

11.  Ing ngisor iki pratelan kang nuduhake tegese wacan eksposisi yaiku ....
a.    Wacan kang nggambarake sawijining panggonan utawa prakara jumbuh            karo kahanan satenane.
b.    Wacan kang nggambarake sawijining kang wis kedadean (kronologis).
c.     Wacan kang duweni ancas menehi panemu lan uga ngemu ajakan.
d.    Wacan kang mbudidaya maringi informasi ngengingi bab tartamtu saengga        saged nambahi kawruh pamaos.
e.    Wacan kang nggambarake sawijining kang durung kedadean.

12.  Para rawuh ingkang kinurmatan, Bapa Indrajit ingkan lebdheng ing pamawas pana ing pitutur.
Tembung lebdheng saka tembung ....
a.       lebdha+ing                                                d. lebdhi+ing
b.      leba+ing                                                    e. lebdheng+ing
c.       labu+ing

13. Tembung lebdheng wacan ing dhuwur duweni teges kang padha karo tembung?
a.       rasa                                                          d. sithik
b.      bebarengan                                                e. akeh
c.       keprungu

14.  Irah-irahan kang langsung nyulek marang sawijining perkara diarani jinis irah-irahan ....
a.       Provokatif statement                                 d. Pernyataan
b.      Striking statement                                     e. Deklarasi
c.       Direct addressif  

15.  Teras kang digunakake tetembungan kaya ngajak pamaca melu cawah marang prastawane diarani teras/aline pambuka ....
a.       Teras langsung tunjuk                               d.  Teras induktif
b.      Teras ringkesan                                         e. Teras kutipan
c.       Teras cerita


Siti Nurhafidhoh



Semarang, 3 Desember 2014 



Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © Puspawarni Budaya - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -