- Back to Home »
- budaya »
- Nulis Artikel
Posted by : Unknown
Kamis, 01 Januari 2015
NULIS ARTIKEL BABAGAN BUDAYA JAWA
1.
Pangerten
Artikel
Artikel yaiku
karangan ing ariwarti (koran), kalawarti (majalah), lan sapiturute. Artikel
bisa ditegesi minangka sawijine tuisan maneka kedadeyan, wiwit politik, sosial,
budaya, teknologi, olahraga, ekonomi, lan sapiturute. Menawa tulisan pawarta
bisa awujud gabungan antarane fakta lan interpretasi, nanging artikel bisa
dumadi saka fakta, interpretasi, lan opini. Panulise artikel beda karo
tanggapan. Tanggapan mligi nanggepi fenomena saka sawijine perkara kang dumadi.
Dena rtikel, ora mung nanggepi perkara nanging bisa ngajokake asli maca,
panyawangan, panemu kang wis dingerteni utawa durung dingerteni dening
masyarakat.
Jinis-jinis
artikel yaiku :
a.
Eksploratif : yaiku artikel kang ndhungkap
fakta-fakta adhedhasar
perangan panuise.
Artikel iki cocog kanggo
njlentrehake temonan anyar.
b.
Eksplanatif : yaiku artikel kang njlentrehake
sawijine bab supaya bisa
dipahami dening pamacane.
c.
Deskriptif : yaiku artikel kang nggambarake
sawijine perkara kang
dumadi satengahe masyarakat saengga bisa ngowahi apa kang satemene dumadi.
d.
Prediktif : yaiku artikel kang surasane
petungan/ramalan apa kang bakal
dumadi ing tembe burine
adhedhasar petungan penulise.
e.
Preskriptif : yaiku artikel kang
menehi tuntunan marang pamacane supaya
nindakake sawijine bab kang bener.
Sawijine
artikel kaanggep ilmiah yen ngemot kriteris. Kayata :
1.
Ngemot
surasa kang asipat keilmuan.
2.
Pirembugan
isining tulisan asipat obyektif, logis adhedhasar fakta lan data-data kang
bukti kang kuat.
3.
Pirembugane
materi asipat “transparan” lan kritis, bisa kauji bener lan orane kanthi bukti
kang kuat.
4.
Sistematika
panulisane cetha lan runtut, nggunakake pola dhasar umum kang dumadi saka
pendahuluan, isi, lan panutup.
5.
Penulise
trep, pener, lan bener saengga pamaca angel nggoleki papan dununge kaluputan.
Ing ngisor iki uga kaandharake supaya gampang anggone nulis
artikel, perlu nggatekkae bab-bab kayata :
a.
Bab
apa kang lagi dadi sumbering kawigaten bebrayan?
b.
Sapa
kang njalari bab iku dadi sumbere kawigaten?
c.
Kapan
perkara iku dumadi?
d.
Geneya
perkara iku dadi sumbere kawigaten?
e.
Kepriye
panemune bebaryan magepokan karo perkara iku?
2.
Trap-trapan
nulis artikel
a)
Nemtokake topik lan ngrumusake tema
Topik yaiku lingkup perkara kang
bakal dirembug lan kang ndhasari tulisan. Mula saka iku topik kudune diwatesi
supaya andharane bisa kanthi jero. Materi topik iki kang sinebut ngrumusake
tema. Cara ngrumusake tema yaiku kanthi mantha jinis, geohrafis utawa wektu
adhedhasar topik.
Pamilihe
topik kudu nggunakake tetimbangan :
-
Jumbuh
pengalaman an pangerten penulis,
-
narik
kawigaten lan jumbuh karepe panulise,
-
duwe
data lan fakta kang obyektif,
-
duwe
bahan kapustakan.
b)
Nulis cengkoringan artikel
Nulis artikel
kuwi padha karo nulis karangan kang sumbere saka panemune dhewe utawa saka
prastawa kang wis kedadeyan ing bebrayan. Kanggo pemut ing kene diandharake
cengkorongan nulis artikel :
1.
Pilihen
pilihen sijine kedadeyan utawa prastawa kang dumadi utawa kang kedadeyan ing
bebarayan. Tamatna lan gatekna kanthi setiti kedadeyan kang kerep dirembug
warga.
2.
Kedadeyan
mau banjur dirembakakake dadi babagan-babagan kang manut urutan prastawa
kedadeyan.
3.
Siji
dalah siji babagan kang wis digawe mau dirembakakake dadi ukara-ukara kang
gegandhengan.
4.
Anggone
ngrembakakake prastawa kudu milih-milih ukarane kanggo ngrembakakake babagan
kang arep ditulis. Umpamane prastawa Gunung Merapi njebug. Kawitane
dirembakakake kahanan Gunung mErapi wektu iki, kang kepiye lan manut penemumu
mengkone kepiye?
5.
Banjur
babagan njebluge gunung lan babagan sawise njeblug katambahi akibat tumrap
masyarakate.
6.
Babagan ing ndhuwur banur digandhengake karo
babagan kaya kang arupa rembakane usada nyalmetna warga lan bandha donyane.
Ngrembakakake babagan iku kudune diisi kepiye usadane pamerintah lan
sengkuyunge warga liya kang menehi wigati marang kedadeyan kasebut.
c)
Ngrembakakake cengkorongan
Menawa
bahan-bahan artikel wis cumawis banjur trap-trapan kang pungkasan yaiku
ngrembakakake cengkorongan artikel dadi artikel kang utuh kanthi 3 perangan,
yaiku perangan pambuka, isi (wos), lan pambuka.
Siti
Nurhafidhoh
Semarang, 1
Januari 2015