- Back to Home »
- pendidikan »
- NULIS NASKAH SANDIWARA (DRAMA)
Posted by : Unknown
Kamis, 01 Januari 2015
NULIS NASKAH SANDIWARA
1. Skenario/naskah sandiwara
Skenario yaiku rantaman lakon/crita sandiwara, drama, film apadene
sinetron. Ing sajroning skenario dumadi saka pirang-pirang babak, lan ing saben
babak ana pirang-pirang adegan. Kanggo nggampangake paraga nalika nindakake
adegan biasane ing skenario uga ana perangan kang diarani pandomi/kramagung
yaiku perangan skenario sing nerangake kahanan utawa swasana, watak, tingkah
lakuninh paraga lan liya-liyane. Biasane pandom utawa kramagung ditulis ing
sajroning tandha kurung ( ).
2.
Unsur-unsur Drama
Para siswa methi nate nonton sawijining drama, film apa dene
sinetron. Nalika ana sawijining paraga kang watake becik lan bener nanging
tansah ngalami urip kang rekasa, tansah diplekotho dening paraga liyane mesthi
para siswa bakal melu kemropok, ora trima lan rumangsa mesakake. Iku
nandhakake, menawa penulis naskah drama kasebut bisa mbangun sawijining crita
saka konflik kang dialami saben-saben paraga saengga crita bisa lumaku kayadene
kedadean kang saknyatane. Kabeh mau amarga kalantipane penulis neskah drama
menehi nyawa utawa mguripake crita kasebut. Supaya bisa nulis drama kanthi
becik, dibutuhake gladhen lan paham ngenani unsur-unsur pembangun drama/unsur
intrinsik drama. Unsur-unsur kasebut, yaiku :
Supaya luwih gampang, ing ngisor iki bakal dijlentrehake luwih
rinci :
a) Alur/Plot
a) Alur/Plot
Alur uga bisa disebut pot. Alur yaiku reroncening sebab-musabab
kang mbangun crita. Alur uga kudu bisa nggambarake lakune crita saka wiwitan
(pengenalan) nganti rampung (penyelesaian). Aur bisa dipantha ing patang
tahapan, yaiku :
a.
Pengenalan
Ing perangan iki biasane isine ngenalake para paraga, latar pentas
lan medharake masalah/konflik kang diadhepi marang penonton.
b.
Pertikaian/konflik
Ing tahap iki para paraga wis nemoni konfik/pertikaian.
c.
Puncak/klimaks
Ing tahap iki konflik lan masalah sansaya ngambra-ambra lan gawat,
ndadekake penonton samsaya deg-degan lan ora sabar kanggo ngerteni kepriye
crita pungkasane.
d.
Penyelesaian
Ing tahap iki digambarake pungkasaning crita drama, kanthi
pungkasan sing senengi gumbira, sedhih, apa malah nggantung, saengga narik
kawigatene pamirsa kanggo ngira- ira dhewe kepriye pungkasaning crita mau.
Jinising alur dhewe kaperang dadi telu, yaiku :
1.
Alur
maju (progressive)
2.
Alur
mundur (flashback)
3.
Alur
campuran
b)
Perwatakan utawa karakter tokoh
Sajroning drama ana sing diarani tokoh protagonis (paraga sing
nyengkuyung dalane crita), antagonis (paraga sing nglawan dalane crita), lan
paraga pambyantu/tritagonos.
Watake paraga bisa dititeni saka telung aspek yaiku :
1.
Aspek
fisiologis, bisa arupa jenis kelamin, dedeg awake, umur, lsp.
2.
Aspek
sosiologi, bisa arupa status sosial, pendhidikan, ras, suku, lsp.
3.
Aspek
psikologi, bisa arupa jenis temperamen, intelegensi
c)
Dialog
Ciri khas drama yaiku awujud pacelathon antaraning paraga siji lan
sijine. Penuli naskah drama kudu bisa medharake gagasane lumantar dialog.
Saengga diaog kudu ngemot emosi, konsep lan pangrasane paraga supaya sing
mirsani drama bisa ngrasakake apa sing dirasakake dening paraga. Kejaba dialog,
uga asring kawentar istilah monolog (pacelathon kang ditindakake 1 paraga,
omongan karo diri pribadhi), prolog (pambuka kang isine bisa awujud keterangan
ngenani crita, paraga, utawa latar), lan epilog (panutup, biasane isine dudutan
saka crita kang dipentasake).
d)
Petunjuk laku/pandom/kramagung
Petunjuk laku banget diperlokake sajroning naskah drama. Petunjuk
laku biasane awujud petunjuk tekni ngenani paraga, waktu, swasana, pentas,
swara, mlebu-metune aktor utawa aktris, banter-alone dialog, lsp.
e)
Latar/seting
Latar yaiku sakabehing katrangan, panuduh sing ana sesambungane
karo wektu, swasana lan panggonan ing sajroning crita. Lumrahe latar nyakup
telung unsur, yaiku panggonan, swasana, lan wektu.
f)
Tema
Tema ing sajroning crita minangka gagasan pokok sing ana ing
jroning drama. Tema dikembangake lumantar alur dramatil saka dialog
paraga-paragane. Tema drama kayata kauripan, kekancan, ktresnan, kasetyan, lsp.
g)
Amanat
Amanat yaiku piweling saka pangripta/penulis kanggo para
pamaose/pamirsane.
3. Nulis Naskah Drama
Supaya bisa
nulis naskah drama kanthi gampang, gatekna urut-urutaning nulis naskah drama, yaiku :
1.
Nemtokake
konflik
Konflik bisa dijupuk saka masalah-masalah kang asring kita
prangguli ing bebrayan. Bisa saka pengalaman pribadhi, pengalaman wong liya,
utawa imajinasi.
2.
Nyusun
urutan Prastawa Sababak/Alur
Jangkepan konflik sing wis kotemtokake kanthi cara nyritakake
prastawa kanthi urut. Kanggo gladhen bisa kanthi cara njangkepi dialog saka
rerangken prastawa sajroning gambar. Saka gambar kasebut kita bisa ngreka/mbayangake
apa wae sing bakal dialami dening paraga ing gambar kasebut.
3.
Nemtokake
paraga/tokoh
Menehi jeneneng paraga kang wis diciptakake.
4.
Nemtokake
latar
Yaiku nyakup panggonan, wektu, swasana.
5.
Ngedit
naskah
Naskah kudu diedit dhisik ngawekani menawa ana kleru ngetik utawa
kesalahan-kesalahan liyane.
Siti Nurhafidhoh
Semarang, 1 Januari 2015