Popular Post

Posted by : Unknown Minggu, 04 Januari 2015

Kumpulan Geguritan!!!

ATI IKI

Dening : Ariesta Widya
Keteg dhadha iki kaya njebol-njebolna
Kedhep mripat krasa kemeng jarene nampa pratandha
Apa kudu nyuwara sing ngganjel pangrungu

Kang mangka aku ngerti
Yen sing ditindakake iku nerak wewaler
Warisan sing wis tumancep jero

Aku ngerti marga sakiwa tengenmu lumaku
Malah miyak-miyak dhadha singgedan

Ati iki pancen njerit merit
Mung lambe iki ora kumecap
Marga kabeh mripat mentheleng kepleng.

NYAWANG SEGARA
Dening : Anita Retno Larasati

Sore-sore nyawang segara
Ana srengenge katon adus
Neng jumantana kulon kana
Dikancani iwak lan bulus

Aku banjur melu adus
Karo nglangi kaya putri dhuyung
Nanging ora ana iwak lan bulus
Mung ombak gulung-gumulung

Nyawang segara
Katon ayang-ayang negara
Saya peteng
Saya ireng

SITI NURHAFIDHOH


SEMARANG, 4 JANUARI 2015

Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © Puspawarni Budaya - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -