- Back to Home »
- pendidikan »
- Pacelathon nganggo Basa Krama Alus
Posted by : Unknown
Rabu, 10 Desember 2014
Pacelathon Babagan Rewang-rewang
Fidhoh : Assalamu’alaikum…
Pak RT : Wa’alaikumsalam. O… Fidhoh ta, mangga!
Fidhoh : Inggih pak. Kula mriki wonten perlu sakedik dhateng
panjenenganipun pak?
Pak RT : Oh..
Perlu apa ta? Mrene lenggah dhisik sing
kepenak.
Fidhoh : Inggih
pak, matur nuwun.
Pak RT : Ana apa
ndengaren kowe mrene??
Fidhoh : Mekaten
pak, kula dipundhawuhi Mbak Lurah Pondok
nyuwun pirsa babagan
masyarakat ingkang
ndherekaken partisipasipun wonten
ing acara Haul lan
Khataman menika. Punika sami
kersa punapa boten?
Pak RT :Oh… bab kuwi. Wingi iku wis
dibahas ning
Kumpulan RT. Kabeh padha gelem partisipasi ing acara
Haul iku.
Fidhoh : Lha punika kersane
partisipasipun wonten ing bagian
punapa pak?
Pak RT : Nak ora salah,
ing bagian nata panggonan kanggo
acara Haul iku.
Fidhoh : Lha ingkang ndherekipun
partisipasi menika tiyang
pinten pak?
Pak RT : Wah, nak kuwi aku durung
ngerti. Soale wingi durung
bahas nganti jumlahe pira wonge sing melu.
Fidhoh : Oh... Nggih sampun pak, nak
mekaten. Kula namung
mastekaken kemawon.
Pak RT : Ya, ora apa apa. Aku wingi
wis nyanggupi nak
gelem melu partisipasi ing acara iku. Dadine yo nak
ora melu ora kepenak.
Fidhoh : Matur
Nuwun sanget pak. Panjenengan lan para warga
sampun ndherek partisipasipun wonten
ing acara
menika.
Pak RT : Iya, padha pambiyantu wae.
Fidhoh : Inggih pak. Kula badhe
pamitan rumiyin. Ngapuntene
sampun ganggu
wekdalipun panjenengan.
Assalamu’alaikum…
Pak RT : Iyo, nduk. Wa’alaikumsalam…
Hafidhoh Putri Ar-Rohman ^_^
8 Desember 2014

