Popular Post

Posted by : Unknown Minggu, 04 Januari 2015

MEDHAR SABDA PASRAH LAN PANAMPI PENGANTEN!!!

1.       Medhar  Sabda Pasrah Penganten

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Kula nuwun,

               Para sepuh, para tamu kakung putri ingkang luhur budi. Nyuwun pangapunten dene kula paripeksa nggempil kamardikan panjenengan sedaya, saperlu kula matur ing ngarsanipun Bapak (Rohman) sarimbit.

   Nuwun, Bapak (Rohman) sekaliyan. Kula kakersakaken dening kadang kula pun Bapak (Kholil) sekaliyan.

Sepisan : ngaturaken salam taklimipun, kanthi pepuji mugi-mugi Bapak (Rohman) sakluwarga tansah pinayungan ing Pangeran ambabar rahayu wilujeng lumeber ing sedayanipun.
Kaping kalih : kula kinanthen rowang sawetawis, kadhawuhan nyowanaken calon penganten putra,naminipun Bagus Miftah ingkang sampun sarembag badhe kadhaupaken kaliyan Rara Afidh putra putri panjenengan.
Ingkang punika mugi keparengan nampi. Dene wonten kekiranganipun ing, Bapak (Rohman) sekaliyan nyuwun agunging pangapunten.

               Salajengipun, kalampahanipun dhauping penganten kasumanggakaken ing kepareng panjenengan sakluwarga.

               Minangka panutuping atur, mbokbilih wonten atur kula saklimah, sowan kula sarowang, ingkang kirang trapsita satemah boten damel reraning penggalih panjenengan punapa dene para tamu, kula nyuwun lumunturing pangaksami.
Cekap semanten, nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

2.     Medhar Sabda Panampi Parah Penganten 

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun,

            Para sesepuh, para tamu kakung putri ingkang kula kurmati. Mugi kalilanana kula nyulihi sedherek kula anem Dhimas (Rohman) ngaturaken wangsulana paring pangandikanipun Bapak (Rohman) lumantar Bapak (Ulil).
Bapak (Ulil/paraga ingkang masrahaken).

            Kapisan : kula ngaturaken sugeng rawuh panjenengan sarowang . sakelangkung ing sukur kula, dene rawuh panjenengan saetu ngetrepi wanci ingkang prayogi.
Angka kalih : salam taklimipun Bapak (Kholil/besan) lumantar panjenengan, kula tampi kanthi suka rena, gumbira ing manah. Mugi pangajab lan pandongan kala wau kajibahan dening Allah SWT, ambabar kanugrahan, kawilujengan dhumateng kulasawarga, sumrambah ing para tamu sedaya. Boten langkung dhawah sami-sami.
Kaping tiga : Bapak (Kholil) lumantar panjenengan maringaken putra jaleripun, naminipun Bagus (Miftah), sedaya kala wau kula tampi kanthi suka renaming manah.
Salajengipun, Bapak (Rohman) sampun kepareng paring kapitadosan dhumateng kula babagan kalampahanipun dhauping penganten, ing mangke kula sendikani. Sanadyan naming sagaduking kuwawi kula.
Ingkang punika, panjenenganipun sakanca kula suwun lenggah prayogi ing palenggahan ingkang sampun kula cawisaken, sumene sawetawis ngira pantes angestreni dhauping penganten. Dene wonten kiranging boja lan karma anggen kula nampi rawuh panjenengan sakanca mugi keparengan maringi agunging pangkasama.
cekap semanten atur kula, Nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

SITI NURHAFIDHOH

SEMARANG, 4 JANUARI 2015



Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © Puspawarni Budaya - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -