- Back to Home »
- sastra »
- Cakepan Tembang Macapat
Posted by : Unknown
Minggu, 04 Januari 2015
CAKEPAN TEMBANG
MACAPAT
Asmaradana
Unggah-ungguh tata krami,
Wruhing dhiri pribadinya,
Sabarang tindak-tanduke,
Ngarah-arah mamet prana,
Upama nuju sowan,
Ngabyantara para sepuh,
Aja ninggal duga prayoga.
Solah bawa muna-muni,
Empan papan lan panggonan,
Ngerti dunung lan wancine,
Grua-grusu tan prayoga,
Sareh tar nuju karsa,
Ingkang sepuh lenggah sepuh,
Ingkang anem tumaruna.
Dhandhanggula
Dhedhep tidhem prabawaning ratri Sasadara wus manjer kawuryan
Tan kuciwa memanise
Menggep srinateng dalu
Siniwaka sanggyaning dasih
Aglar neng cakrawala
Winulat ngelangut
Pradene kabeh kebekan
Saking kehing taranggana kang sumiwi Warata tanpa sela
Pangkur
Nggugu karsaning priyangga
Nora nganggo peparah lamun angling
Lumuh ingaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng
semu
Sinamun ing samudana
Sesadon ing adu manis.
SITI
NURHAFIDHOH
SEMARANG, 4
JANUARI 2015