- Back to Home »
- pendidikan »
- Teks Pawarta
Posted by : Unknown
Minggu, 04 Januari 2015
Tuladha Teks
Pawarta!
Pawarta - 1
LAMPUNG BAKAL DUWE GUBERNUR PALING ENOM
Pasangan
Ridho Ficardo lan Bachtiar Basri nduweni kalodhangan nglungguhi jabatan
Gubernur lan wakil Gubernur Lampung. Ing pamilihan gubernur kang digelar bareng
Pemilu Legislatif (9/4), Ridho-Bachtiar kang dadi jagone Partai Demokrat iku
unggul ing itung-itungan cepet lembaga Survey Saiful Mujani Research and
Consultant aknthi 43,82 persen swara. Yen ora ana owah-owahan, Ridho sing umure
33 taun ikubakal dadi gubernur paling enom ing sejarahe propinsi kasebut.
Yen
kapilih temenan, lulusan Universitas Padjadjaran, Bandung mau janji mbediki
infrastruktur ing lampung sarta ngundhakake layanan kesehatan lan pendidikan
gratis marang masyarakat mlarat. Swarane Ridho-Bachtiar luwih akeh tinimbang
pasangan calon liyane:Berlian Tihang-Mukhlis Basri sing digawa PDIP-PKB (15,72)
persen, Herman H. N-Zainuddin Hasan (PAN/33/77 persen) sarta Alzies Dianis
Thabranie-Lukman Hakiem (Golkar-Hanura/7,69 persen)
Panjebar
Semangat No. 17-26 April 2014
Pawarta – 2
GEDHONG SEKRETARIAT KOBONG
Rapat
winates Kabinet Indonesia Bersatu karo Preside Susilo Bambang Yudhoyono ing
Istana Negara, Kemis (21/3) kepeksa kandheg gedhong sekretariat Negara sing ora
adoh karo nggon rapat kobong. Geni ngalad-alad mbesmi aula ing lantai telu
gedhong sekretariat Negara (Segnek). Mangka taun kepungkur gedhong sing uga
dadi kantore Menteri Sekretaris Negara Sudi Silalahi kaesbut tau direnovasi lan
ngentekake ragad Rp. 41 milyar. Pirsa gedhong sisihe kobong, Presiden age-age jenkar
lan nonton kobare geni saka wisma Negara. Mobil pemadam kebakaran cacah 37
dikerigake kanggo nyirep pangamuke geni, sing lagi kasil dikendhaleni sakjam
sakwise kuwi.
Sasirepe
geni, lantai telu sekretariat Negara kari rangka. Ora ana kurban tiwas utawa
tatu ing insiden mau awit wong-wong sing ana kantor kono gegancangan mlayu
menjaba nalika ana tandha-tandha bakal kobongan. Kapolda Metro Jaya Irjen Putut
Eko Bayuseno ngandharake, petugas laboratorium Forensik Polri langsung
diketabakake kanggo nlusur penyebabe kobongan. Putut durung wani nduga-nduga
senadyan akeh ing ngira yen kobongan iku disebabake dening korsleting kabel.
Adhedhasar paskesene salah sijine petugas pemadhun, pambudidayane nyirep geni
rada rekasa awit kompa hidran ing gedhong kasebut ora kabeh bisa digunakake.
Panjebar
Semangat No. 14-16 April 2013
SITI
NURHAFIDHOH
SEMARANG, 4
JANUARI 2015