- Back to Home »
- sastra »
- Carita Wayang
Posted by : Unknown
Sabtu, 03 Januari 2015
Rama lan Sinta
Kacariyos Prabu Dasamuka dipunadhep Patih Prahastha, Raden Indrajit
dalah Tumenggung Mintragna. Ingkang karembag, sang Nata parentah Raden Indrajit
kinen ngaturi kang paman Gunawan Wibisana supados wangsul dhateng Ngalengka.
Menawi kasatriyan Kuntara pinanggih suwung amargi Wibisana sampun bidhal
dhateng Mangliawan, kasatriyan Kuntara kadhawuhan mbumi angu, Indrajit sendika
nunten bidhal.
Dewi
Triwarti kaadhep Raden Bisawarma adalah Patih Kertabangsa. Nampi sowanipun
Indrajit, Trisirah dalah Raden Dewantaka. Wigatos badhe ngaturi kang paman,
nanging winangsulan lamun Raden Gunawan sampun jengkar dhateng Mangliawan.
Prabu
Rama dipun adhep punakawan Semar, Gareng, Petruk, dalah Bagong. Ngrembag
anggenipun badhe ngrebasa datheng Ngalengka. Raden Gunawan tuwin Dyan Anoman
sowan, ngaturi Prabu Rama kinen yasa tambak kangge nyabrangaken bala kapi.
Prabu
Rama lajeng nimbali Kapi Saraba (kethek rai baya), Kapi Yuyu Rumpung (kethek rai
yuyu) dalah Kapi Bekingking (kethek rai cacing) kinen tumut rombongan wanara
balanipun Sugriwa, amargi Kapi tetiga wau pandherekipun Bathara Baruna. Wasana
Kapi Saraba, Bekingking tuwin Yuyu Rumpung ugi sendika.
Siswanipun
Bathara Bayu nenggih Gajah Setubanda nembe tapa. Katungka praptanipun Raden
Anoman. Setubanda katuran kesah nanging mboten purun temah dados perang. Gajah
Setubanda saget kepikut, nanging sareng sami tetepangan saha nunggil siswa
Bathara Bayu. Anoman dalah Para wanara nunten sami ngusungi sela kangge
njangkepi tambak.
Dewi
Sinta kahadhep Trijatha. Dewi Trijatha matur bilih Sri Rama dalah Dyan Lesmana
wontenipun lindhu. Mila Patih Prahastha gya matur bilih Prabu Rama yasa tambak.
Prabu Dasamuka duka nunten nimbali jineman Ditya Janggisrana kinen ngrisak
tambak. Ditya Janggisrana sendika nulya bidhal.
Ditya
Janggisrana memba wanara lajeng nusup barisan kapi ingkang gugur gunung damel
tambak. Tingakahipun Janggirana kawuningan dening Raden Wibisana, mila lajeng
kapikut nulya kasowanaken dhateng Sri Rama.
Janggisrana
mboten dipunpidana malah kaganjar brana picis nunten katundhung wangsul dhateng
negaranipun. Ditya Janggisrana trenyuh nunten budhal.
Yuyu
Rumpung miwiti mbedhah tambak. Trengginas Dyan Anoman matur mring Sri Rama bab
risaking tambak. Narpati Sugriwa sangsaya ndakwa Raden Wibisana ingkang ngrisak
tambak kalawau.
Rumaos
dipunpojokaken, Dyan Wibisana nyaketi tambak. Wasana priksa bilih salebeting
samodra women jineman Ngalengka ingkang nggogoti tambak. Kapi Saraba nunten
kadhawuhan nyepeng juru silem Ngalengka pun Yuyu Rumpung. Kapi Saraba sendika
nunten ambyur seganten, Raden Jaya Anggada muntap, dereng ngatos dipun adil,
Yuyu Rumpung kinepruk sela mustakanipun dening sang Jaya Anggada, wasana pejah.
(Pethikan Saka:
Serat Ramayana kanthi besutan : Bondan H)
SITI
NURHAFIDHOH
SEMARANG, 3
JANUARI 2015