- Back to Home »
- bahasa »
- Pacelathon Babagan Unggah-Ungguh
Posted by : Unknown
Kamis, 01 Januari 2015
Pacelathon!!!
GUNEMAN KARO RAMA IBU
Micara
karo wong tuwa kudu ngempakake unggah-ungguh basa. Menawa wus kasep saben dina
ora nganggo basa krama, becike gunakna basa ngoko andhap. Kala-kala campurana
basa krama, supaya bisa ndudut sengesem lan tresnane wong tuwa. Setitekna
tuladha guneman ing ngisor iki.
Ilham : “Pak mangke bibar mantuk sekolah kula lajeng le
Bahasa Inggris.”
Pak Amir : “Ora mulih dhisik?”
Ilham : “Menawi
mantuk rumiyin mangke kajawi kesel inggih kesesa, jalaran naming wonten wekdal setengah jam
sasampunipun sekolah.”
Pak Amir : “Lha
sangumu isih ora, sing maringi ibumu wingi?”
Ilham : “Estunipun
taksih, nanging kala wingi kula kangge tumbas garisan. Kajawi menika lesipun
nggih wancinipun mbayar.”
Bu Amir : “Paringana
maneh Pak..., kanggo sangu lan mbayar les.”
Pak Amir : “Pira
mbayar lese?”
Ilham : “Selangkung
ewu Pak.”
Pak Amir : “Iki karo
nggo sanggu ya! Sing tenanan anggone sekolah lan disinau lese kuwi.”
Ilham : “Inggih
Pak! Sampun Pak, Bu ...nyuwun pamit.”
Pak/BuAmir : “Ya, sing
ati-ati...!”
Ilham : “Inggih...!”
SITI NURHAFIDHOH
SEMARANG, 1 JANUARI 2015