- Back to Home »
- sastra »
- Geguritan
Posted by : Unknown
Kamis, 01 Januari 2015
Klapa Ijo
Dening : Rifai Sayono Atmojo
Ijo....
Ijo....
I....jo.....
Esuk seger enom nyengsemake
Wewujudan kang tansah resep dinulu
Tanpa cacat tanpa nylekit tanpan
nguciwani
Wiwit
mijil mudha wredha tansah merak ati
Aku
ngerti iku kudu barang gampang
Nuladha
nggayuh apamaneh ngrengkuh
Sarwa
miguna tumrap pribadi apamaneh tangga
Ijo....
Ijo....
Gawe seger anyles marem
Klamud bothok gudhang santen
Kabeh dituruti
Oyot
glugu tapas manggar mancung sada janur
Bisa
ndedawa umur
Bluluk
cengkir degan klapa
Tanpa
sisa kabeh miguna
Ananne
mung sarwa guna tanpa sisa
Apa
kowe ora ngerti piwulang iki
Mudha
mudhi aja nganti rugi ing tembe wuri
Banyu
kanggo tawa wisa
Pepeling
tumrap manungsa
Hafidhoh Putri
Ar-Rohman
Semarang, 1 Januari 2015