Popular Post

Posted by : Unknown Sabtu, 10 Januari 2015

Nalika Kanca blenjani Janji

Teeet.. “He Zulfa lagi apa sampeyan ning kene?” takone Nukha karo ngagetke Zulfa sing ngalamun ning pinggir kelas.

He, jenengku Rifqi Zulfatunnisa, aku sekolah ning SMA Negeri 1 Tegal, aku saiki kelas XII IPA 2, aku anduweni kanca kang akeh yaiku lanang utawa wadon, miturutku sakabehe iku kanca, aku uga anduweni kanca kang wis suwe kancanan karo aku, wis tak anggep dheweke iku kanca cedhakku kang paling ngerti aku iku kepriye lan ananging dheweke iku nakal lan seneng banget ngemut permen, ya kepriye wonge tetep tak anggep kancaku dhewe yaiku Nukha.
“Ehh sampeyan Nukh, ngagetke aku wae” jawabe Zulfa sinambi geguyu.
“Lha sampean Zul esok-esok kok wis nglamun wae” kandane Nukha.
Nukha bingung karo Zulfa, tingkahe ora kayak biasane. Wonge ngene iki ket wingi-wingi, kerep ngalamun. “Zulfa kancaku sampeyan ana masalah ya? Masalah apa kok sampeyan ora gelem crita-crita karo aku?” kandane Nukha karo nesu-nesu.
“Aku ora apa-apa kok Nukh” ngomong karo ngguyu kepeksa.
“Ya wis nak dirimu ora apa-apa, nak ana masalah sampeyan crita ya karo aku Zul, sapa ngerti aku bisa mbantu”, kandane Nukha karo ngelus rambute Zulfa. “Ayo awake dhewe mlebu kelas wae Zul, wis ameh mlebu soale”.

Esok iki ing dina liya, Zulfa lan Nukha isih mlaku-mlaku ing lapangan basket karo guguyonan. Nalika dheweke wong lara iku weruh wong lanang ana ing kantin, Zulfa lan Nukha meneng karo mbatin namati saking ganthenge wong lanang iku mau. “Nukh sampeyan kenal apa ora karo wong lanang kang lungguh ana ing kantin kae, wonge gantheng tha Nukh, kayane wonge bocah anyaran ana sekolahan iki. “Iya Zulfa aku uga nembe weruh wong lanang kae mau”, kandane Lisa karo madhep wong lanang iku.

Wis pirang-pirang minggu sawise Nukha ora mlebu sekolah amarga lara, Zulfa dhewekan karo lungguhan ana ing ngarep kelas. Ndelalahe ana bal basket kang ngenani Zulfa. Rian langsung mlayu ing arahe Zulfa lan langsung njaluk ngapura karo Zulfa, Rian iku wong lanang kang disebut-sebut dheweke iku gantheng wektu minggu-minggu kepungkur kang ditemuni ana ing kantin kae.
“Eh...Eh.... ngapurane ya aku ora sengaja” omonge Rian.
“Oh iya ora apa-apa kok”, kandane Zulfa karo isin-isin.
“Oh iya jenengku Rian, aku bocah anyar ana ing SMA iki, aku pindahan saka Bandung, jenenge sampeyan sapa?” kandane Rian karo ngrasa salah.
“Jenengku Rifqi Zulfatunnisa”. Jawabe Zulfa senalika.
“Sampeyan kelas pira Zul?” Takone Rian.
“Aku kelas XII IPA 2 Rian, sampeyan kelas pira Rian?” Zulfa njawab karo langsung takon.
“Aku kelas XII IPA 1, aku njaluk ngapurane ya Zul”. Jawabe Rian karo meneng lan ngrasa salah.
“Iya iya.. Rian, aku ora apa-apa kok” kandane Zulfa karo ngguyu-ngguyu isin.
Bel mlebu kelas wis muni.“Oh iya aku mlebu kelas ndhisik ya Zulfa”.
“Iya Rian”, omonge Zulfa langsung mlayu kisinan.

Wengine Zulfa crita karo Nukha babagan wong lanang kang wektu kae weruh ing kantin. Nukha seneng weruh Zulfa kayak ngono.

Pirang-pirang wulan sawise Rian ngajak Zulfa nonton ning bioskop, lan ing dina iku Rian uga ngomong babagan tresnane atine marang Zulfa, ananging Zulfa nolak, padahal dheweke anduweni rasa karo Rian.

Esoke Zulfa crita karo Nukha babagan Rian ngomong masalah ati. Nukha kaget, amarga dheweke ya anduweni tresna karo Rian, ananging Rian lan Nukha ora ngerti masalah iku. Ndelalahe Rian teka marani Zulfa lan ngajak mangan ana ing kantin. Dheweke mangan wong telu. “Oh iya Rian kenale iki Nukha kanca cedhakku” kandane Zulfa.
“Iya halo Nukha aku Rian” ngomonge Rian.

Pirang-pirang minggu sawise Nukha dadi karo Rian, dheweke meneng-meneng pacaran karo Rian tanpa dingerteni Zulfa. Nalika Zulfa ing kafe karo mbake kang jenenge Dinda, Zulfa weruh Nukha karo Rian ana ing kafe kuwi karo guguyonan.

Wengine Zulfa telpon Nukha, ananging ora diangkat. Dina esoke Zulfa weruh Nukha karo Rian maneh lungguh ana ing lapangan basket. Zulfa bingung, ‘kok Nukha karo Rian cedhak nemen?’ karo mbatin ana ing ati.

Wektu ing njero kelas Nukha marani Zulfa kang isih lungguh karo nggawa headhset, “hai Zulfa, kok dhewekan to?” kandane Nukha karo nyikep Zulfa saka mburine. “Ora apa-apa Nukha” kandane Zulfa.

Pirang-pirang minggu Zulfa kerep weruh Nukha lungguh bareng ana ing lapangan basket. Zulfa iku gumun ananging dheweke isih biasa wae karo Rian lan Nukha. Meneng-meneng Zulfa ngerti saka kancane Rian nak wong lara kuwi anduweni hubungan kang cedhak, Zulfa kaget krungu kabar kuwi, ora nyangka nak kancane sing dianggep kanca cedhak kuwi kenyataane malah kayak ngana. Sawise Zulfa ngerti kabar iku, Zulfa berubah lan ora cedhak maneh karo kancane kuwi. Zulfa niat ameh takon karo Nukha. “Nukh...Nukha sampeyan tega karo aku ya Nukh... ora pernah crita babagan masalah iku, sampeyan ngerti kan aku nolak Rian amarga sampeyan, ananging sampeyan malah tresna karo Rian. Ya wislah, kabeh wis kelakon, mugia langgeng wae,” kandane Zulfa karo tetangisan.

Bubar kejadian iku tekan lulus SMA, Zulfa karo Nukha ora tau kancanan kayak ndhisik maneh.

SITI NURHAFIDHOH


SEMARANG, 10 JANUARI 2015

Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © Puspawarni Budaya - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -