- Back to Home »
- pendidikan »
- Sesorah Babagan Perpisahan Kelas IX
Posted by : Unknown
Kamis, 01 Januari 2015
SESORAH
Assalamu’alaikum
Wr. Wb.
Bapak
Kepala Sekolah ingkang dahat kula kurmati, Bapak saha ibu guru ingkang dahat
kinurmatan, sarta kanca lan adik-adik ingkang kula tresnani.
Puja-puji
syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat
sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged kempal wonten ing panggenan
menika kangge ngawontenaken pepisahan.
Bapak
ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, mboten kantun kula minangka wakilipun
putra-putri siwa kelas tiga ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami
awit keikhlasan sah sih katresnan bapak ibu guru anggenipun nggulawenthah
dhumateng para siswa. Saengga saged ngrampungaken jejibahan ingkang sampun
kalampahan sadangunipun tigang tahun, kanthi pikantuk Serat Tandha Tamat
Belajar.
Sedangunipun
tigang tahun kula ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki wonten ing
panggulawenthanipun, ngantos wonten pangketing batin saengga karengkuh
putra-putri piyambak.
Bapak
ibu guru tuwin adik-adik ingkang satuhu kula kurmati saha kula tresnani. Sakedhap
malih kula sakanca ninggalaken pawiyatan menika, awrat anggen kula matur kados
pundi raosipun nilar bapak ibu guru saha adik-adik. Jaragan kawontenen kedah
mekaten, pramila kapeksa kula kaliyan kanca-kanca nilaraken bapak ibu guru saha
adik-adik kelas setunggal tuwin kelas kalih. Sanadyan sampun pepisahan ingkang
ateges tinebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih
celak ing penggalih.
Pawiyatan ingkang sampun matahun-tahun sampun
tansah cecaketan kaliyan kula lan kanca menika ndadosaken kula sakanca rumaos
cuwa penggalih badhe nilaraken pawiyatan menika. Kajarag kahanan saha kersaning
Gusti, panci wonten pepanggihan tamtu badhe wonten pepisahan. Menika kados
sampun konodrat mboten kenging dipun ewahi malih.
Kula
sakanca kelas tiga ingkang badhe nilaraken pawiyatan menika tansah nyenyuwun
lan ndedonga mugia adik-adik sageda kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing
pawiyatan menika. Kula minangka wakilipun kanca kelas tiga, tansah nyuwun
sagunging kalepatan, mugi-mugi adik-adik sregep anggenipun sinau lan tansah
ngaosi dhumateng bapak ibu guru.
Mboten
kantun ugi kula dalah kanca kelas tiga tansah memuji dhumateng Gusti Ingkang
Maha Agung, supados bapak ibu guru saha adik-adik pikantuk rahmating Gusti
Ingkang Maha Agung, supados bapak ibu guru saha adik-adik pikantuk rahmating
pangeran wilujeng mboten wonten alangan satunggal menapa.
Kula
kinten kirang prayogi menawi atur pamitan menika kula pepanjang. Kula namung
tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking bapak ibu guru saha adik-adik,
sageda wilujeng sasampunipun medal saking pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh
ngilmu ingkang langkung inggil. Ingkang mboten nlajengaken sageda pikantuk
padamelan ingkang samruwat kaliyan pangertosan ingkang sampun tinampi.
Mbok
menawi wonten kirang tatakrami anggen kula matur saha sembiring atur, kula
minangka wakil kelas tiga tansah nyuwun agunging panuwun ingkang tanpa upami.
Wassalamu’alaikum
Wr. Wb.
SITI
NURHAFIDHOH
EMARANG, 1
JANUARI 2015