- Back to Home »
- historis »
- Asal-usul Dhaerah
Posted by : Unknown
Sabtu, 03 Januari 2015
ASAL-USULE KUTHA SALATIGA LAN BOYOLALI
Dening Wisnu Sri Widodo
Handika
para wali misuwur, yaiku Maulana Maik Ibrahim. Sunan Ampel, Sunan Bonang, Sunan
Giri, Sunan Drajad, Sunan Kudus, Sunan Muria, Sunan Gunungjati, lan Sunan
Kalijaga, padha ribet penggalihe nyumurupi polahe Syekh Siti Jenar sing wis
kumawani nylewengake piwulang agama. Apa kang dilakoni dening Syeh Siti Jenar
kuwi bisa mbingungake masyarakat. Mula, Syeh Siti Jenar banjur dirangket lan
dipidana. Kejaba kuwi, ajarane ora kena diterusake maneh. Amarga saka iku, mula
kudu ana sing ngganteni kalungguhane Syeh Siti Jenar. Dening Handika para wali,
bab sapa sing bakal ngganteni mau dipasrahake marang Sunan Kalijaga. Miturut
wawasane Kanjeng Sunan Kalijaga, paraga mau ora liya isin klebu tedhak turune
swargi Kanjeng Pangeran Harya Adipati Sabranglor ing Demak-Bintara.
Kanggo
nyaketi adipati Semarang kasebut, Kanjeng Sunan Kalijaga memba-memba dadi
tukang adol suket kalanjana kanggo pakan. Kanthi mengkono, saben esuk bisa
ketemu karo Sang Adipati. Jalaran anggone ‘pasok’ suket tansah luwih ijo
ledhung-ledhung seger, wusana Kanjeng Sunan Kalijaga kang wis memba mau entuk
kawigatene Kanjeng Adipati. Nanging, saben Kanjeng Adipati maringi dhuwit,
Kanjeng Sunan Kalijaga ora nate gelem nampa. Dhuwit mau dibalekake kanthi didelepake
ing sajroning bongkokan suket mau.
Esuk
kuwi nalika Sunan Kalijaga arep bali, banjur dicandhet dening Kanjeng Adipati.
Kanjeng Adipati banjur ndangu prakara dhuwit mau.
“Kula
boten betah arta lan bandha,” mengkono Kanjeng Sunan Kalijaga mangsuli pitakone
Kanjeng Adipati.
“Kok,
aneh. Banjur apa ing kokgoleki?”
“Kula
pados katentreman. Bandha ngaten saged nyuwun Gusti Allah.”
Midanget
ature mau, Ki Pandhanaran maido lan mundhut buktine. Sunan Kalijaga banjur
macul lemah. Nalika gebal paculan disongkel lan diuncalake, sanalika banjur
malih dadi prongkolan emas.
Kejot
penggalihe Sang Adipati, mula kepengin suwita. Ki Pandhanaran banjur kadhawuhan
menyang Gunung Jabalkat ora kepareng nggawa bandha. Ki Adipati Pandhanaran banjur
budhal menyang Gunung Jabalkat karo garwane, Nyi Kaliwungu.
Nalika
mlaku nuju Gunung Jabalkat mau, Ki Adipati karo garwane diadhang begal cacah
telu. Begal telu mau njaluk bandhane Kanjeng Adipati. Nanging dening Ki
Pandharan diwangsuli yen panjenengan ora nggawa bandha , malah begal-begal mau
padha kesiku.
“wong
salah, kok tega njaluk bandha,” mengkono pangandikane Ki Pandhanaran. Kanthi
mengkono, papan kedadean mau banjur karan “Salatiga”.
Nalika
Ki Pandhanaran lunga menyang Gunung Jabalkat karo bojone, Ki Pandhanaran
diadang begal sing cacahe telu. Nanging, Ki Pandhanaran bisa ngalahake begal
telu mau. Mula, Ki Pandhanaran banjur nerusake mlakune tumuju Gunung Jabalkat
dikancani karo bojone.
Nalika
iku, Nyai Pandhanaran mlakune tansah keri. Rumangsa ditinggal, Nyai Pandhanaran
banjur kandha karo Ki Pandhanaran.
“Wah,
Ki Pandhanaran iki, kok ninggal aku, ta? Baya lali karo aku apa, ya?”
Krungu
kandhane bojone kuwi, Ki Pandhanaran mandheg karo mangsuli.
“Nyai
..., aku boyo lali .... Mula ayo dakenteni.”
Kanthi
anane tembung “baya lali” sing tegese ‘apa wis lali’, karo tembung “boyo lali”
sing tegese ‘ora lali’, mula papan kuwi banjur diarani “Boyolali”.
Tekan
laladan sakidule Klaten, kanggo nyedhaki bebrayan lakune Ki Pandhanaran nyamar
dadi wong kang aran Bagus Slamet utawa Bagus Sugeng. Tujuwane yaiku kareben
dheweke gampang nyedhaki wong akeh. Bagus Slamet banjur ngenger karo bakul
ratengan. Ing kono, Bagus Slamet bisa srawung karo wong akeh. Bagus Slamet
tansah nindakake apa bae lang diprentahake dening bakul mau.
Sawise
dieloni Bagus Slamet, dodolane bakul mau tambah laris ngimbuhi akeh bebathine.
Mbok bakul mau uga wuwuh-wuwuh percayane marang Bagus Slamet.
Embuh
jalarane kepriye, nalika Bagus Slamet dikon tuku beras, ngadhang bakul beras, bakul
beras padha wangsulan yen sing digendhong lan dipikul kuwi kudu beras, nanging
wedhi.
“Apa
iya ing kokgendhong kuwi wedhi?’
O
..., ya wis yen mengkono kandhamu. Kuwi kandhamu dhewe lo, ya ... aku percaya
yen kuwi wedhi.”
Dadakan
sakabehe beras sing digawa bakul beras mau malih dadi wedhi. Wong-wong banjur
mertobat.
Dhaerah
kuwi banjur diarani Wedhi. Saiki wedhi dadi jeneng Kecamatan ing Kabupaten
Klaten.
Kapethik saking
Panjebar Semangat, No 12
Edhisi 22 Maret
1997 mawi ewah-ewahan
SITI NURHAFIDHOH
SEMARANG, 3 JANUARI 2015