Archive for Januari 2015
Soal Kelas VIII Semester Gasal
By : Unknown
Uji Kompetensi Akhir Semester Gasal
I.
Wenehana tanda (x) ing aksara a,b,c utawa d sangarepe wangsulan
sing bener!
1.
Hardono
pamit mangkat sekolah marang Bapak lan Ibuke. Ukarane kang paling trep yaiku?
a.
Bapak
lan Ibu, kula mlampah riyin nggih, ngatos-atos lho?
b.
Bapak
saha Ibu kula mlampah sekolah rumiyin, nyuwun pangestunipun amrih saged slamet,
lancar sedayanipun.
c.
Pak-Bu
kula tindak sekolah rumiyin, nyuwun donga pangestu, murih saged kasil.
d.
Kula
tindak rumiyin Pak ... Bu, sangune ampun kesupen lho!
2.
Ing
ngisor iki sing kalebu tuladhane tembung camboran wuluh yaiku ...
a.
Sida
Mukti
b.
Dhegus
c.
Sanak
sedulur
d.
Nggodhog
wedang
3.
“Mesakake
temen bocah pepriman kuwi awake mung kari lunglit gek ana ngendi Bapak lan
Ibune ya?”
Tembung lunglit manawa dirimbag manut asale tembung dadi
kepriye?
a.
Balung
karo kulit
b.
Walulang
lan kulit
c.
Gulung
koming
d.
Lelungan
kena lelara lan sumengit
4.
Tutur
kang trep nalika atur-atur undhangan supitan kanthi lesan marang Pak Lurah iku
kepriye?
a.
Pak
Lurah, sowan kula ngriki wau dipunutus Pak Wignyo, bilih Panjenengan dipunaturi
rawuh wonten dalemipun mangke dalu kirang langkung 08.00. Saperlu wilujengan
supitan putranipun ingkang mbajeng. Mekaten anggen kula matur, menawi wonten
lepatipun kula nyuwun pangapunten.
b.
Pak
Lurah, aku diutus Pak Wignyo, Panjenengan diaturi rawuh ing daleme mengko bengi
kurang luwih jam 08.00. Saperlu slametan supitan putranipun sing mbarep. Samene
nggonku matur, menawa ana lupute aku nyuwun pangapunten.
c.
Pak
Lurah kula dipunutus Pak Wignyo, Panjenengan dipunaturi rawuh wonten dalemipun
mangke dalu kirang langkung jam 08.00. Saperlu wilujengan supitan putranipun
ingkang mbajeng.
d.
Pak
Lurah, mangke dalu kirang langkung jam 08.00. Pak Wignya ngawontenaken
wilujengan supitan putranipun ingkang mbajeng. Menawi saged panjenengan katuran
rawuh sarimbit garwa, menawi mboten saged nggih mpun. Mekaten anggen kula
matur, wonten lepatipun kula nyuwun pangapunten.
5.
“Layang
ulem iki ... Pak dhe Modin ya le?”
a.
Wenehna
b.
Jalukna
c.
Paring
na
d.
Aturna
Wacan iki kanggo nomer 6-7
Tlaga
Sarangan
Tlaga Sarangan
nyimpen sakehing kaendahan nanging sok kinemulan pedhut dening Gunung Lawu.
Ujaring kandha ana saperangan banyune sing bisa nyebabake awit enom. Yaiku
mapan ana ing Grojogan kang tinemu ing sacedhake tlaga. Ing dina-dina tartamtu
ana misteri kang njedhul ing tlaga iki. Tlaga sing ambane 30 hektar lan jerone
28 meter iki kaloka nduweni kaendhah alam sing banget ngelam-elami ati.
Mapan ing sawetane pereng Gunung
Lawu, kapener ing Desa Sarangan, Kecamatan Plaosan Kabupaten Magetan. Papan
sakiwa tengene tlaga tansah dijaga kaendahane uga katentremane, mula ora mokal
yen tansah kabanjiran pengunjung. Cacahing pengunjung saya mbludag ing rikala
ditindakake upacara labuh sesaji. Upacara mau ditindakake setaun sepisan, yaiku
ing saben dina Jemuwah Pon wulan Ruwah. Ing upacara mau ana karnaval kanggo
ngombyongi iring-iringan tumpeng lan maneka jinis panganan liyane.
....
6.
Tlaga
Sarangan iku mapan ing wewengkon kabupaten ngendi?
a.
Karang
Anyar
b.
Plaosan
c.
Sarangan
d.
Magetan
7.
Ing
sakiwa tengene tlatah Tlaga sarangan diyakini ana papan kang bisa dadi obat
supaya awet enom, perangan endi kang bisa kanggo obat awet enom iku?
a.
Grojogan
b.
Dasaring
Tlaga
c.
Pasir
Tlaga
d.
Tetuwuhan
kang ana ing sakiwatengene Tlaga
8.
“Tlaga
sing ambane 30 hektar lan jerone 28 meter iki kaloka nduweni kaendahan alam
sing banget ngelam-elami ati”
Tembung kaloka ing ukara kasebut nduweni tegese apa?
a.
Manggon,
cumondhok
b.
Memper,
kaya
c.
Kondhang,
Kawentar
d.
Amba,
bawera
9.
Ater-ater
“sa” sing gandheng karo tembung sajroning ukara ing ngisor iki duwe teges “manawa”
mapan ing ....
a.
“Aku
ngerti kowe lagi akeh pakaryan mula, kolah iki kurasen sanyaitmu wae!”
b.
“Aku
liwat bulak amba banget saawan suwene nganti kemringet awakku”.
c.
“Jaluken
wae dhuwit sangune kuwi mundhak malah ilang!”
d.
“Bagong
sadesa karo Gareng mla, nek mangkat kera mesthi bonecngan”.
10.
Ukara
ing ngisor iki sing nggunakake ater-ater “sa” nduwe teges “Kabeh” yaiku ....
a.
“Sasasi
aku dijatah sangu saka bapak Rp. 150.000.00”.
b.
“Sasuwene
iku aku wis nindakake pakaryan ngojek karo kanca-kancaku”.
c.
Durmagati
iku sakelas karo Citraksi”.
d.
“Mengko
bengi tak ampiri nonton wayang, mas lan saadi-adimu jaken kabeh ya?”
11.
Ater-ater
“sa” ing ngisor iki tegese siji kajaba ....
a.
“Turua
sameremmu mas!”
b.
“Aku
saomah karo Umi!”
c.
“Sawengi
wae aku ora bisa turu”
d.
“Setaun
iki aku ora bisa panen!”
Tembang
Asmaradana kanggo nomer 12-13
Tembang
Asmaradana
Poma
poma wekas mami
Anak
putu aja lena
Aja katungkul
uripe
Lan aja
duwe kareman
Marang
pepaes donya
Siyang
dalu dipunemut
Yen urip
manggih karma
12.
Guru
wilangan lan guru lagune tembang asmaradana gatra kaping loro yaiku ....
a.
8.a
b.
8.i
c.
8.e
d.
7.a
13.
...
Lan aja duwe kareman
Marang pepaes donya
....
Tembung pepaes tegese padha karo ....
a.
Kempes
b.
Hiasan
c.
Kahanan
d.
Kapusan
14.
Geguritan
kang becik iku saora-orane ngandhut unsur apa wae?
a.
Estetis,
koheren, pendidikan, sosial
b.
Estetika,
sosial, ekonomi, pendidikan
c.
Estetik,
koheren, korelasi
d.
Estetik,
pendidikan lan koheren
....
Lampu-lampu mati
Lakune rerambatan sikile ringkih
Nlusuri lawang-lawang kekancingan
Thothok-thothok lirih
Pak, bapak ngakna, pak
Yung Biyung ngakna, Yung
Ing njaba adheme ora jamak
15.
Ing ngisor
iki kang nelakake nilai estetik geguritan di eleng saka diksi lan purwakanthine
dumunung ing ....
a.
Lampu-lampu
mati
b.
Nlusuri
lawang-lawang kekancingan
Thothok-thothok lirih
c.
Pak,
Bapak ngakna, pak
Yung, Biyung ngakna, Yung
d.
Thothok-thothok
lirih
Pacelathon iki
kanggo nomer 16-17
Guneman Karo
Rama – Ibu
...
Ilham : Pak, menawi bibar mantuk sekolah
kula ajeng les Basa Inggris
Pak Amir : Ora mulih dhisik?
Ilham : Menawi mantuk rumiyin mangke kejawi
kesel inggih kesesa, jalaran naming wonten wekdal setengah jam sasampunipun
sekolah.
Pak Amir : Lha sangumu isih opo ora, olehe maringi
ibu wingi?
Ilham : Estunipun taksih, nanging kala wingi
kula angge tumbas garisan. Kajawi menika lesipun nggih wancinipun mbayar.
Bu Amir : Paringana maneh Pak..., kanggo sangu lan
mbayar les.
Pak Amir : Pira mbayare les?
Ilham : Selangkung ewu Pak?
....
16.
Anggone
matur bapak lan ibune mau Ilham nggunakake basa apa?
a.
Ngoko
Lugu
b.
Ngoko
Alus
c.
Krama
Lugu
d.
Krama
Alus
17.
Tembung
Selangkung ewu tegese padha karo ....
a.
Ndherek
langkung
b.
Kumalungkung
c.
Selawe
ewu
d.
Satus
ewu
18.
“Menawi
dhangan ing penggalih saha mboten kesesa kondur, samenika panjenengan sedaya
kula aturi ... ing gubug kula, mumpung kaleresan miyos dhusun kula.”
Supaya bisa jumbuh karo ukarane mula ceceg-ceceg kasebut paling
trep manawa disi tembung apa...?
a.
Pinarak
b.
Sare
c.
Siram
d.
Ngintun
19.
“Dewi
Shinta, nangisa sing banter supaya garwamu Rama Wijaya krungu!
“Mengkono tembunge Dasamuka marang Dewi Sinta.”
Panambang “a” ing tembung nangisa nduwe teges apa?
a.
Digawe
supaya nangis
b.
Etjok-ethok
nangis
c.
Akon
supaya nangis
d.
Kahanan
nalika arep nangis
20.
Sing
ora kalebu tuladhane ukara pakon yaiku?
a.
Saben
sore sliramu adusa sing sendhang kene, mesthi seger!
b.
Sinaua
kanthi sregep supaya dadi bocah sing pinter
c.
Nek kowe
wis ngantuk ya turua!
d.
Mangkata
esuk ya ora kacek mesthi ya tetep telat, lha wong lakumu kaya bekicot ngono.
SITI
NURHAFIDHOH
SEMARANG, 10
JANUARI 2015
Tag :
pendidikan,