Popular Post

Archive for 2015

Soal Kelas VIII Semester Gasal

By : Unknown
Uji Kompetensi Akhir Semester Gasal

I.     Wenehana tanda (x) ing aksara a,b,c utawa d sangarepe wangsulan sing bener!
1.      Hardono pamit mangkat sekolah marang Bapak lan Ibuke. Ukarane kang paling trep yaiku?
a.       Bapak lan Ibu, kula mlampah riyin nggih, ngatos-atos lho?
b.      Bapak saha Ibu kula mlampah sekolah rumiyin, nyuwun pangestunipun amrih saged slamet, lancar sedayanipun.
c.       Pak-Bu kula tindak sekolah rumiyin, nyuwun donga pangestu, murih saged kasil.
d.      Kula tindak rumiyin Pak ... Bu, sangune ampun kesupen lho!
2.      Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane tembung camboran wuluh yaiku ...
a.       Sida Mukti
b.      Dhegus
c.       Sanak sedulur
d.      Nggodhog wedang
3.      “Mesakake temen bocah pepriman kuwi awake mung kari lunglit gek ana ngendi Bapak lan Ibune ya?”
Tembung lunglit manawa dirimbag manut asale tembung dadi kepriye?
a.       Balung karo kulit
b.      Walulang lan kulit
c.       Gulung koming
d.      Lelungan kena lelara lan sumengit
4.      Tutur kang trep nalika atur-atur undhangan supitan kanthi lesan marang Pak Lurah iku kepriye?
a.       Pak Lurah, sowan kula ngriki wau dipunutus Pak Wignyo, bilih Panjenengan dipunaturi rawuh wonten dalemipun mangke dalu kirang langkung 08.00. Saperlu wilujengan supitan putranipun ingkang mbajeng. Mekaten anggen kula matur, menawi wonten lepatipun kula nyuwun pangapunten.
b.      Pak Lurah, aku diutus Pak Wignyo, Panjenengan diaturi rawuh ing daleme mengko bengi kurang luwih jam 08.00. Saperlu slametan supitan putranipun sing mbarep. Samene nggonku matur, menawa ana lupute aku nyuwun pangapunten.
c.       Pak Lurah kula dipunutus Pak Wignyo, Panjenengan dipunaturi rawuh wonten dalemipun mangke dalu kirang langkung jam 08.00. Saperlu wilujengan supitan putranipun ingkang mbajeng.
d.      Pak Lurah, mangke dalu kirang langkung jam 08.00. Pak Wignya ngawontenaken wilujengan supitan putranipun ingkang mbajeng. Menawi saged panjenengan katuran rawuh sarimbit garwa, menawi mboten saged nggih mpun. Mekaten anggen kula matur, wonten lepatipun kula nyuwun pangapunten.
5.      “Layang ulem iki ... Pak dhe Modin ya le?”
a.       Wenehna
b.      Jalukna
c.       Paring na
d.      Aturna
Wacan iki kanggo nomer 6-7
Tlaga Sarangan
Tlaga Sarangan nyimpen sakehing kaendahan nanging sok kinemulan pedhut dening Gunung Lawu. Ujaring kandha ana saperangan banyune sing bisa nyebabake awit enom. Yaiku mapan ana ing Grojogan kang tinemu ing sacedhake tlaga. Ing dina-dina tartamtu ana misteri kang njedhul ing tlaga iki. Tlaga sing ambane 30 hektar lan jerone 28 meter iki kaloka nduweni kaendhah alam sing banget ngelam-elami ati.
Mapan ing sawetane pereng Gunung Lawu, kapener ing Desa Sarangan, Kecamatan Plaosan Kabupaten Magetan. Papan sakiwa tengene tlaga tansah dijaga kaendahane uga katentremane, mula ora mokal yen tansah kabanjiran pengunjung. Cacahing pengunjung saya mbludag ing rikala ditindakake upacara labuh sesaji. Upacara mau ditindakake setaun sepisan, yaiku ing saben dina Jemuwah Pon wulan Ruwah. Ing upacara mau ana karnaval kanggo ngombyongi iring-iringan tumpeng lan maneka jinis panganan liyane.
....
6.      Tlaga Sarangan iku mapan ing wewengkon kabupaten ngendi?
a.       Karang Anyar
b.      Plaosan
c.       Sarangan
d.      Magetan
7.      Ing sakiwa tengene tlatah Tlaga sarangan diyakini ana papan kang bisa dadi obat supaya awet enom, perangan endi kang bisa kanggo obat awet enom iku?
a.       Grojogan
b.      Dasaring Tlaga
c.       Pasir Tlaga
d.      Tetuwuhan kang ana ing sakiwatengene Tlaga
8.      “Tlaga sing ambane 30 hektar lan jerone 28 meter iki kaloka nduweni kaendahan alam sing banget ngelam-elami ati”
Tembung kaloka ing ukara kasebut nduweni tegese apa?
a.       Manggon, cumondhok
b.      Memper, kaya
c.       Kondhang, Kawentar
d.      Amba, bawera
9.      Ater-ater “sa” sing gandheng karo tembung sajroning ukara ing ngisor iki duwe teges “manawa” mapan ing ....
a.       “Aku ngerti kowe lagi akeh pakaryan mula, kolah iki kurasen sanyaitmu wae!”
b.      “Aku liwat bulak amba banget saawan suwene nganti kemringet awakku”.
c.       “Jaluken wae dhuwit sangune kuwi mundhak malah ilang!”
d.      “Bagong sadesa karo Gareng mla, nek mangkat kera mesthi bonecngan”.
10.  Ukara ing ngisor iki sing nggunakake ater-ater “sa” nduwe teges “Kabeh” yaiku ....
a.       “Sasasi aku dijatah sangu saka bapak Rp. 150.000.00”.   
b.      “Sasuwene iku aku wis nindakake pakaryan ngojek karo kanca-kancaku”.
c.       Durmagati iku sakelas karo Citraksi”.
d.      “Mengko bengi tak ampiri nonton wayang, mas lan saadi-adimu jaken kabeh ya?”
11.  Ater-ater “sa” ing ngisor iki tegese siji kajaba ....
a.       “Turua sameremmu mas!”
b.      “Aku saomah karo Umi!”
c.       “Sawengi wae aku ora bisa turu”
d.      “Setaun iki aku ora bisa panen!”   
Tembang Asmaradana kanggo nomer 12-13
Tembang Asmaradana
Poma poma wekas mami
Anak putu aja lena
Aja katungkul uripe
Lan aja duwe kareman
Marang pepaes donya
Siyang dalu dipunemut
Yen urip manggih karma
12.  Guru wilangan lan guru lagune tembang asmaradana gatra kaping loro yaiku ....
a.       8.a
b.      8.i
c.       8.e
d.      7.a
13.  ...
Lan aja duwe kareman
Marang pepaes donya
....
Tembung pepaes tegese padha karo ....
a.       Kempes
b.      Hiasan
c.       Kahanan
d.      Kapusan
14.  Geguritan kang becik iku saora-orane ngandhut unsur apa wae?
a.       Estetis, koheren, pendidikan, sosial
b.      Estetika, sosial, ekonomi, pendidikan
c.       Estetik, koheren, korelasi
d.      Estetik, pendidikan lan koheren
....
Lampu-lampu mati
Lakune rerambatan sikile ringkih
Nlusuri lawang-lawang kekancingan
Thothok-thothok lirih
Pak, bapak ngakna, pak
Yung Biyung ngakna, Yung
Ing njaba adheme ora jamak
15.  Ing ngisor iki kang nelakake nilai estetik geguritan di eleng saka diksi lan purwakanthine dumunung ing ....
a.       Lampu-lampu mati
b.      Nlusuri lawang-lawang kekancingan
Thothok-thothok lirih
c.       Pak, Bapak ngakna, pak
Yung, Biyung ngakna, Yung
d.      Thothok-thothok lirih
Pacelathon iki kanggo nomer 16-17
Guneman Karo Rama – Ibu
...
Ilham          : Pak, menawi bibar mantuk sekolah kula ajeng les Basa Inggris
Pak Amir    : Ora mulih dhisik?
Ilham          : Menawi mantuk rumiyin mangke kejawi kesel inggih kesesa, jalaran naming wonten          wekdal setengah jam sasampunipun sekolah.
Pak Amir    : Lha sangumu isih opo ora, olehe maringi ibu wingi?
Ilham          : Estunipun taksih, nanging kala wingi kula angge tumbas garisan. Kajawi menika                lesipun nggih wancinipun mbayar.
Bu Amir     : Paringana maneh Pak..., kanggo sangu lan mbayar les.
Pak Amir    : Pira mbayare les?
Ilham          : Selangkung ewu Pak?
....
16.  Anggone matur bapak lan ibune mau Ilham nggunakake basa apa?
a.       Ngoko Lugu
b.      Ngoko Alus
c.       Krama Lugu
d.      Krama Alus
17.  Tembung Selangkung ewu tegese padha karo ....
a.       Ndherek langkung
b.      Kumalungkung
c.       Selawe ewu
d.      Satus ewu
18.  “Menawi dhangan ing penggalih saha mboten kesesa kondur, samenika panjenengan sedaya kula aturi ... ing gubug kula, mumpung kaleresan miyos dhusun kula.”
Supaya bisa jumbuh karo ukarane mula ceceg-ceceg kasebut paling trep manawa disi tembung apa...?
a.       Pinarak
b.      Sare
c.       Siram
d.      Ngintun
19.  “Dewi Shinta, nangisa sing banter supaya garwamu Rama Wijaya krungu!
“Mengkono tembunge Dasamuka marang Dewi Sinta.”
Panambang “a” ing tembung nangisa nduwe teges apa?
a.       Digawe supaya nangis
b.      Etjok-ethok nangis
c.       Akon supaya nangis
d.      Kahanan nalika arep nangis
20.  Sing ora kalebu tuladhane ukara pakon yaiku?
a.       Saben sore sliramu adusa sing sendhang kene, mesthi seger!
b.      Sinaua kanthi sregep supaya dadi bocah sing pinter
c.       Nek kowe wis ngantuk ya turua!
d.      Mangkata esuk ya ora kacek mesthi ya tetep telat, lha wong lakumu kaya bekicot ngono.

SITI NURHAFIDHOH


SEMARANG, 10 JANUARI 2015
Tag : ,

- Copyright © Puspawarni Budaya - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -