Popular Post

Archive for Desember 2014

Cakepan Tembang

By : Unknown
CAKEPAN TEMBANG BABAGAN KONSERVASI

1.      S.M. Pocung, Laras Slendro
Pathet Manyura
Nglindungi alam, ana ing bumi ayu
Kabeha di tata
Tegese di tata bumi kabeha
Bumi resik marang manungsa

2.      S.M. Durma Suragreged, Laras Slendro
Pathet Sanga
Kanca-kanca, ayo kabeh padha njaga
Njaga ing bumi iki
Padha rewangoo
Ajaa padha ndresula
Kabeh kudu padha setiti
Maring agama
Kuwi yo aja lali

3.      S.M. Kinanthi, Laras Pelog
Pathet Barang
Ndalu-ndalu aja padu
Ayo kabeh benerake
Apa sing ana ing dunya
Kabeha padha ngertia
Lan padhar rumangsa kabeha
Marang bumi ayu iki

4.      S.M Gambuh Natakusuma, Laras Pelog
Pathet Nem
Aja padha gumuyu
Ayo kabeh padha gugur gunung
Ngresiki manfaatake kanthi apik
Resik maringna bumiku
Wajib maring para bocah

5.      S.M. Mijil, Laras Pelog
Pathet Nem
Padha ngadeka mbanguna iki
Ngresiki sedoyo
Alam indah sing padha akehe
Resiki kabeh lan manfaati
Ing dunya saiki
Ayo bareng mlayu

6.      S.M. Sinom, Laras Pelog
Pathet Barang
Mumpung cilik aja nggaya
Hormato marang wong tuwa
Nglakoni tindhakan becik
Becik marang sasami
Sregep nglakoni sholatipun
Ninggalke tindhak ala
Aja adoh marang gusti
Dimanfaatake kang dadi mulyaa

7.      S.M. Maskumambang, Laras Pelog
Pathet Nem
gawe manfaat ing bumi ayu iki
gen apik kusuma
asri indah lan amprih
mring bumi pakupa jiwa

8.      S.M. Megatruh, Laras Pelog
Pathet Barang
Kanyatan ing dunya aja diguyuake
Kabeh padhaa manfaati
Manfaate dunya iku
Ayo kabeh diresiki
Aja padha ninggalno

9.      S.M. Dhandhanggula Masentar, Laras Slendro
Pathet Sanga
Karesikan alam di agawe
Kabeh para manungsa ing dunya



10.  S.M. Asmaradana Jakalola, Laras Pelog
Pathet Barang
Ayo padha remenake
Gawe dunya kang apika
Aja padha nglaleake
Anane alam ing dunya
Manungsa padha njaga
Njaga alam bumi ayu
Kabeho padha tresnaa

11.  S.M. Pangkur, Laras Slendro
Pathet Sanga
Mangkono urip ing dunya
Kabeh padha setiti ngati-ati
Ayo kabeho tumuju
Marang bumi kitaa
Agawe tresna marang bumi ayuu
Kabeh njaga manfaatna
Kahanan ing bumi iki

Siti Nur Hafidhoh
Semarang, 17 Desember 2014



Tag : ,

Sesorah Pambagya Harja

By : Unknown

SESORAH PAMBAGYA HARJA

Sesorah Pambagya Harja Ketua Panitia Lomba Intern

Assalamu'alaikum wr. wb.
Bismillahirrahmanirrahim,
Alhamdulillahirabbil’alamin, wabihi nasta’in wa’ala umuriddunya waddin, washalatuwassalamu’ala asyrafil anbiyaiwalmursalin wa’ala alihi washahbihi ajma’in,
amma ba’du.

Ingkang kula ta’dzimaken dhumateng K.H Almamnuhin Kholid minangka pengasuh Pondok Pesantren As Salafy Putra – Putri Al Asror,
Ingkang kinurmatan dhumateng dewan asatidz-asatidzah Pondok Pesantren As Salafy Putra - Putri Al Asror,
Ingkang kinurmatan dhumateng pengurus umum, pengurus putri saha pengurus putra Pondok Pesantren As Salafy Putra – Putri Al Asror ,
Lan para kanca-kanca seperjuanganipun wontening Pondok Pesantren As Salafy Putra – Putri Al Asror kang kula tresnani sedayanipun.
Sumangga ingkang sepisan kedah ngaturaken syukur dhumateng Gusti ingkang Maha kuwaos ingkang sampun maringaken rahmat lan hidayahipun. Kita sedaya taksih saged makempal manunggal kanthi tentrem, bagas lan waras ing adicara pembukaan lomba intern kagemipun nyambut haul khataman kang kaping 15 samenika. Boten kesupen sholawat saha salam kita haturaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Shollallohu ‘Alaihiwasallam. 
Kanca-kanca ingkang kinurmatan, kula minangka ketua panitia lomba intern kagemipun nyambut haul khataman kang kaping 15 ngaturaken panuwun dhumateng :
Kaping satunggal kagemipun Abah Almamnuhin Kholid, dewan asatidz-asatidzah, lan para kanca-kanca sedaya ingkang sampun saged ngrawuhi ing adicara menika. Kaping kalih, ngaturaken panuwun kagemipun Abah Almamnuhin Kholid ingkang sampun paring ijin ngawontenaken adicara menika. Kaping tiga, kagemipun para panitia ingkang sampun kersa pambiyantu awujud menapa kemawon bandha, tenaga lan sak piturute.

Adicara menika wonten lomba-lombanipun ingkang kathah. Inggih menika, lomba rebana, lomba cerdas cermat, lomba maos geguritan, lomba mading, lomba nyerat kaligrafi, lomba debat lan taksih kathah lomba-lomba sanesipun. Wekdalipun lomba menika kaleksanaaken saking minggu satunggal wulan februari ngantos minggu ketiga wulan maret. Dinten-dinten lombanipun menika kemis ndalu lan ahad siyang. Lomba-lomba menika hukumipun wajib kagem sedayanipun santri ingkang nderekaken madinipun wontening Pondok Pesantren As Salafy Al Asror.

Ngawontenaken adicara menika, ancasipun inggih mugia para santri saged sami kompak, saged sami  kerjasamanipun kaliyan santri sanese, saged nyengkuyung, saged ningkataken kreatifitasipun para santri, lan saged ndherekaken sedayanipun  lomba ing adicara menika.

Kanca-kanca ingkang kinurmatan, kula minangka ketua panitia nyuwun agungipun pangapunten mbok bilih lampahipun adicara samangke kirang mranani penggalih saha kathah lepating atur, salajengipun kula atas nama panitia tansah nyuwun para rawuh kersa lelenggahan sinampi mriksani lampahipun adicara saking purwa madya dumugi wasana.

Wasana cekap semanten atur kula menawi kathah lepating atur, kirang subasita kula tiyang enem nyuwun agungipun pangapunten.

Wassalamu'alaikum wr. wb.           

Hafidhoh Putri Ar-Rohman

Semarang, 17 Desember 2014
Tag : ,

Tradhisi Budaya Jawa

By : Unknown
TRADHISI BUDAYA JAWA

Ruwatan Rambut Gimbal

            Ing tlatah pegunungan Dieng lan desa-desa ing sakiwa tengene Gunung Sindoro-Sumbing isih akeh kang duweni rambut gembel utawa gimbal. Rambute warna abang kaya rambut jagung, pating plintir, kempel, lan bundhel. Wujude ranbut gembel dibedakake ana telu yaiku gembel pari, gembel dhebleng, lan gembel jatha.

            Gembel pari wujude rambut gembel kang plintir-plintirane cilik-cilik. Dene gembel dhebleng wujude rambut gembel kang plintir-plintirane luwih gedhe lan akeh utawa ketel. Menawa gembel jatha wujude rambut gembel kang plintirane luwih gedhe tinimbang gembel dhebleng.
Dene mapane utawa manggone gembel bisa ana telung perangan sirah, kang parabane ya dadi ana telu, kayata kang thukul ing sirah sisih buri diarani gembel gombak, menawa tukule rambut ing sirah sisih pilingan utawa ngirigan diarani gembel pethek. Dene yen thukue rambut gembel ing sirah sisih ngarep sandhuwure embun-embun diarani gembel kuncung.

            Bocah menawa arep thukul rambute gembel biasane mawa tandha-tandha lara panas dhisik. Menawa lara panase ora mari-mari, rasa kasurjanane wong tuwane marang anake tansaya mantep lan percaya yen anake arep thukul rambut gembele.

            Ing tlata Sindoro lan Dieng, kerep ditemoni bocah rambut gembel jinis pari lan jatha. Manut kapercayan warga ing kana, yen rambut gembel jinis pari menawa nandur pari bisa lemu-lemu lan akeh pametune. Kang rambut gembele jinis jatha menawa nandur nbako bakal subur lan lemu-lemu ake godhonge. Menawa bocah rambut gembel mau wis gedhe lan rambute arep dicukur, warga nganake upacara nyukur rambut gembel. Lumrahe ducukur yen bocahe wis umur 5-7 taunan.

            Biasane sadurunge dicukur bocah rambut gembel duwe panjaluk maneka warna. Ana kang njaluk dibelehake pitik, njaluk ditukokake motor, lan uga ana kang njaluk ditanggapake wayang purwa kang critane “Semar Kuncung”. Saperangan warga kana padha duweni panemu nyukur rambut gembel kuwi kudu diruwat lan nganggo upacara, sarta kudu nuruti panjaluke bocahe.

            Panyukure rambut gembel kudu ing wayah bengi ngepasi dina wetone. Sadurunge upacara kawiwitan, bocahe dilungguhake ing jadah dienggoni sandhangan sarwa putih. Bocah mau diapit para sesepuh lan dhukun kang bakal nyukur rambut gembele. Dene sesaji kang kudu dicepakake awujud kaya ing gisor iki :

11.      Tumpeng robyong                               8.    Banyu putih
22.      Banyu kembang boreh                         9.   Jenang abang putih
33.      Wedhus kendhit                                   10. Jenang katul
44.      Jago                                                      11. Gedhang raja
55.      Jajan pasar                                            12. Kembang telon
66.      Manuk dara sejodho                             13. Rokok
77.      Wedang teh lan kopi

Sabubare dhukun maca mantra, banjur kawiwitan nyukur rambute si bocah. Guntingan rambut gembel dibuntel nganggo mori putih dilarung ing kali. Lumrahe menawa bocah rambut gembel bubar dicukur, bocahe ora nakal, ora ugungan, lan ora lara-laranen.

Siti Nur Hafidhoh el Rohman
Semarang, 17 September 2014



Tag : ,

Tuladha Carita Kanggo Kelas XII

By : Unknown
Cerita Kanggo Kelas XII Semester I

DEWA RUCI
          Madeg kraton Astinapura Prabu Dhestarastra kaadep dening pyta mbarebe, Duryudana, Patih Sengkuni, ln Pandhita Krepo. Surasane pirembugan ana gandheng cenenge karo peprentahan Astina ing tembe burine marang para Kurawa, ngengeti para Pandhawa wis wiwit diwasa. Duryudana ngesuk bapake, kapan dheweke bakal winisuda dadi Ratu Anom ing Astina. Sawetara Sengkuni budidaya mbujuk Prabu Dhestarastra, supaya hak tumrap keprabon lan Pandhawa, kepiye nasibe para Kurawa kang cacahe ana status bocah? Sawijining cara yaiku ngelongi kekuwatane Pandhawa. Amarga kekuwatane Pandhawa dumunung marang Bima, mula Bima kudu disingkirake.

        Dene ing keputren Astina Dewi Gendari mahargya rawuhe Prabu Dhestarastra. Dewi Gendari nakokake babagan rantaman wisudane Duryudana dadi Ratu Anom Atina. Prabu Dhestarastra ngendika lagi digolekake wektu lan wayah kang trep supaya ora nuwuhake congkrah karo Pandhawa. Dewi Gendari aweh panemu Pandhawa kudu dsisingkirake supaya keprabon Astina tetap dadi duweke Duryudana. Prabu Dhestarastra nerangake lamun panemune Dewi Gendari wis kamot ana rancangane Sengkuni kang bakal ngelongi kekuwatane Pandhawa.

        Sabanjure Duryudana lan Patih Sengkuni nganakake sapatemon karo Dursasana, Kartamarma, Citrayuda, Citraksi, Drmagati, lan saperngan Kurawa liyane. Patih Sengkuni nyaranake supaya Duryudana njaluk pambiyantune Pandhita Durna, kanggo ningkirake Bima. Carane manut marang Pandhita Durna, kang baku ora ngelok-ngelokake langsung para Kurawa. Sengkuni uga mrentah Kartamarma supaya ngrehake Kurawa menyang Sokalima. Menawa Pandhita Durna gagal ngojok-ojoki Bima, Kurawa kudu cekat-ceket. Kroyok lan pateni Bima ing Sokalima. Duryudana lan Sengkuni banjur budhal lan disusul dening Kurawa liyane.

        Lagya kang ana ing pertapan Sokalima Pandhita Durna kaadhep dening anak siji-sijine, Aswatama. Ora let suwe Duryudana lan Sengkuni teka. Sawise ngabarake keslametan, Duryudana ngaturake niyate njaluk pambiyantune Begawan Durna supaya nyingkirake Bima. Iki kanggo waluyaning keprabon Astina marang para Kurawa. Wiwitane Begawan Durna kabotan. Nanging Sengkuni lan Duryudana ngesuk kanthi cara ngundamana dedununge Resi Durna ing Astina kang ora ucul saka lelabuhane lan lamone Prabu Dhestarastra. Kasurung saka utang budi, resi Durna tandhone saguh mujud panjaluke Durudana.

        Sawise Sengkuni lan Duryudana lunga, Resi Durna banjur nimbali Bima. Kanthi alesan kanggo ngluhurake Pandhawa, Bima diutus golek banyu panguripan Tirtapawitra menyang gunung Candradimuka. Nalika Bima lagi ngambrukake wit-wit gedhe lan njegol watu-watu gedhe nggolki Tirtapawitra, dumadakan ana buta loro cacahe, Rukmuka lan Rukmakala. Kalorone buta iku murka amarga Bima wis ngrusak tatanan panguripan ing gunung Candradimuka ;an Tirtapawitra ora ana ing gunung kuwi. Dumadi geehinh panemu, wekasan dadi bandayuda. Amarga saka ampuhe kuku Pancanaka, Bima kasil merjaya Rukmuka lan Rukmakala, sawise mati jisime badhar dadi Bethara Indra lan Bethara Bayu.

        Bethara Indra nerangake lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Bima didhawuhi ngadhep marang Resi Durna nyuwun katrangan kang cetha dumunung Tirtapawitra. Bima sendika dhawuh bali menyanh Sokalima nemoni Resi Durna. Dene Bethara Indra lan Bethara Bayu kondur menang kahyangan.

        Gumelar ing ereng-erenge Candradimuka. Arjuna lan Yamawidura ketemu karo rombongan Kurawa. Dumadi bedaning panemu kang ndakekake psulayan. Arjuna lan Yamawidura dikroyok dening Kurawa. Bejane nalika Arjuna lan Yamawidurakadhesek, Bima teka langsung mbiyantu ngoyak Kurawa. Bima ngomong marang Arjuna lan Yamawidura menawa Tirtapawitra ora ana ning gunung Candradimuka. Deweke saiki arep bali menyang Sokalima arep nyuwun kapesthen Resi Durna, ana ngendi mapane Tittapawitra. Katelune banjur pisah lakune. Bima menyang Sokalima dene Arjuna lan Yamawidura bali menyang keputren Astina arep nemoni Dewi Kunthi lan kluwarga Pandawa liyane.

        Bali ing pertapan Sokalima. Resi Durna nampa tekane Bima. Sawise Bima nyritakake kedadean kang sabenere, Resi Durna banjur alesan menawa sabenere kabeh kuwi mau kanggo nguji kesabaran lan kekuawatane Bima. Resi Durna banjur nuduhake papan panggonane Tirtapawitra kang sabenere yaiku ing dhasara samodra. Bima langsung pamit tumuweng segara kidul.

        Gelare kaputren Astina. Dewi Kunthi lan Puntadewa nampa tekane Arjuna lan Yamawidura. Ing wektu iku uga Bima teka saperlu nyuwun donga pangestu marang ibune saperlu arep nggolek Tirtapawitra yaiku Dewi Kunthi. Dewi Kunthi menggak Bima lan ngndikakake menawa Tirtapawitra sejatine ora ana. Iku mung rekadayane Resi Durna kang arep nyilakani Bima. Nanging Bima tetep nuhoni marang dhawuhe gurune lan budhal nggoleki Tirtapawitra ing dhasaraing samodra. Dewi Kunthi dhawuh marang Arjuna lan Yamawidura ngawat-awati lakune Bima.

        Ing dhasare samodra ana ula kang ngadhang lakune Bima. Kekarone mbudidaya nyilakani siji lan sijine. Tundhone Boma kasil mateni ula kasebut. Nanging Bima uga semaput lan klekep tekan dhasar samodra.

        Katon Dewi Ruci lagi sapatemon karo Bima. Dewa Ruci takon apa kekarepane Bima nyilem nganthi dhasare samodra. Bima nerangake menawa dheweke diutus gurune nggolek Tirtapawitra. Dewa Ruci ngandharake menawa sejatine mapan ing dhiri pribadine Bima dhewe, kang wujude niyat kanggo tumindak jujur lan luhuring budi, sarta ngenggonake rasa kurmat marang sapadhane. Nindakake kabecikan tanpa pamrih, tresna marang sapdha-padha kaya dene tresna marang awake dhewe. Saka Dewa Ruci, Bima antuk wejangan babagan ilmu kasampurnan, ing anatarane asaling dumadi, sangkan paraning dumadi, lan tataraning dumadi. Bima banjur didhawuhi bali menyang Astina nglumpuk karo ibu lan sedulure, amarga isih akeh keawajiban kang kudu ditindakake.

Hafidhoh Ar-Rohman

Semarang, 13 Desember 2014
Tag : ,

Soal Wulangan Kelas VIII Semester I

By : Unknown
WULANGAN 1
I.                  Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi meneh tandha ping (x) ing sangarepe pratelan kang paling bener!

1.   Upacara tradisional nganti saiki tetep diuri-uri. Tembung diuri-uri tegese ....
a.   digegadhang                   c. dilakoni                 
b.   dirayakake                     d. dilestarekake

2.   ing ngisor iki nggunakake tembung panggandheng, kajaba ....
a.   Adhiku mangan tahu bacem ing teras.
b.   Dheweke ora mlebu jalaran lara.
c.   Sesuk ulangan nanging aku durung sinau.
d.   Aku lan Dewi nyilih buku ing perpus.

3.   Manawa diwulang aja padha cengegesan.
Tembung cengegesan kalebu tembung ....
a.   dwilingga                        c. dwiwasana
b.   dwipurwa                       d. dwilingga salin swara

4.   Parno makani wedhus ana kandhang.
Manawa diudhal yaiku ....
a.   J – W – K                       c. J – W – L - K
b.   J- W – K                         d. J- W – L – K

5.   Ing ngisor iki kang kalebu tembung dwipurwa ....
a.   Cengenges, jelelatan        c. Gegayuhan, cengengesan
b.   Ali-ali, anting-anting         d. lelaku, tetuku

6.   Gunane AksaraMurda kaya ing ngisor iki, kajaba ....
a.   Kanggo nulis gelar
b.   Kanggo nulis asmane tiyang
c.   Kanggo nulis layang
d.   Kanggo nulis jeneng papan

7.   Basa krama inggile sirah yaiku ....
a.   pasundhulan                   c. endhas
b.   mustaka                         d. gundhul

8.   Wong mangan, manawa kewaregen padatan banjur suduken. Sing suduken ing ukara iku yaiku ....
a.   sirahe                            c. dhadhane
b.   wetenge                         d. tangane

9.   apa tegese kabo nusu gudel ....
a.   wong tuwa lagi ngunjuk.
b.   wong tuwa kang susah mikirake anake.
c.   Wong tuwa dijaluki warah wong enom.
d.   Wong tuwa njaluk warah marang anake.

10.  Upacara adat nalika bayi isih ana kandhutan umur pitung wulan diarani ....
a.   selapanan                      c. sepasaran
b.   tingkeban                       d. puputan

11.  Tembung macapat kang guru gatrane paling akeh ....
a.   dandhanggula                 c. pangkur
b.   pocung                          d. sinom

12.    Ukara ngisor iki tuladhane ukara sambawa kang duwe teges mokal ....
a.   Dheweke maneh bijine apik.
b.   Aku sing sinau bae bijine 7.
c.   Udana aku tetep mangkat.
d.   Sinaua bisa apik bijine.

13.  Bebanjaran wit-wit ijo maya-maya
Pager urip tinata warata pener ngrembaka
Trembesi lamtara, randhu dhadhap langangsana
Andher baris muwuh santisaning desa
Cuplikan geguritan “Desaku” nggunakake tembung andhahan.
Tembung andhahan Bebanjaran kalebu ....
a.   Dwi purwa                      c. Lingga andhahan
b.   Dwi Wasana                    d. Dwi Lingga

14. Kursi menika ingkang dipundamel saking kajeng mahoni.
Ukara ndhuwur luput benere ....
a.   Kursi ingkang dipundamel saking kajeng mahoni.
b.   Kursi menika dipundamel saking kajeng maoni.
c.   Kursi menika ingkang dipundamel kajeng maoni.
d.   Kursi menika ingkang saking kajeng maoni.

15. Pratelan kang ora kalebu sarana kanggo nawakake produk yaiku ....
a.   kalawarti                        c. tabloid
b.   ariwarti                          d. buku

Hafidhoh Nur Rohman
Semarang, 13 Desember 2014


Tag : ,

- Copyright © Puspawarni Budaya - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -