Archive for November 2014
Geguritan
By : Unknown
Sejatosipun Guru
Geguritan dening Siti Nurhafidhoh
Pangluhurmu...
Katekakake marang wong akeh
Sejatimu...
Tumujukake marang wong akeh
Padha sami sinau marang piwulangmu
Padha sami nglakoni marang pangakonmu
Lan padha sami ngenteni tekamu marang
patimu
Ilmu kokaturake marang wong akeh,
Marang wong pinter,
Marang wong kurang begja,
Lan marang sapa bae kang kepengin
pinter
Sliramu pancen dibutuhake wong akeh
Ora mung wong siji, ora mung wong lara
Ananging wong-wong kang padha nggolek
kapinteran
Paranmu sethithik ananging agawe teges
Panegesmu katengga-tengga marang
sekabehane
Semarang, 28 November 2014
Tag :
sastra,